Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 234
59–60 dari 1.487
582–591 dari 14.865
011.092 Radyan Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | putranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||
011.093 Radèn Patah tinêkan ing Widi | ywan alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanira nglangut | nulya mudya maring Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênging kawula gusti | tan kenging pisahêna ||
011.094 datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatas ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radyan Kusèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||
011.095 Radèn Kusèn malayu kêpati | lumanjanging kwèhning wong Palembang | dènya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ningali | mirsa wong pasarean | tangise gumuruh | tumama ring Arya Damar | samya matur ing Arya Damar sira glis | putra paduka [2: 26: padu...ka] ical ||
011.096 Arya Damar saha pramèswari | dahat gupuh ngulari kang putra | têlas sadalêm purane | saèstu lamun suwung | putra kalih tan anèng puri | Radèn Kusèn duk kesah | yayah dahat tan wruh | ywan anusula kang raka | tarkanira Sang Arya mring putra kalih | sarêng musnèng byantara ||
011.097 Arya Damar mijil saking puri | saha bala miwah grahanira | anitih èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | jawèng kitha panêpis iring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sadina | angulati putra tan măntra kapanggih | umênêng Arya Damar ||
011.098 Arya Damar mojar ingkang swami | hèh Sang Putri ing Cina riningwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widi | tan kêna ngrekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan suta | pirabara yèn sira sinungan panggih | ing benjang dening suksma ||
011.099 pramèswari mênêng pan umiring | wus pinupus yèn karsaning Suksma | Sang Arya mantuk lampahe | tumama ring kadhatun | myang sakathahing bala mantri | mantuk sowang-sowangan | maring wismanipun | wong sanagarèng Palembang | jalu èstri sadaya samya gêng kingkin | nata kecalan putra ||
011.100 ri sampunnya lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Kusèn ika | prapta ing wanantarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Kusèn nulya ningali | mangilèn ngalèr ngetan | kang kidul kadulu | tan ana janma katingal | Radèn Kusèn [2: 27: Ku...sèn] mêmènèk wrêksa waringin | inggil ta tanpa padha ||
011.101 Radèn Kusèn tumulya ningali | ngetan bênêr saojana ika | umulat marang kadange | pinggir talaga lungguh | Radèn Kusèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ring panduluningsun | yèn ingsun amaranana | ring si kakang manawa ulun dinalih | ingutus dening rama ||
59–60 dari 1.487