Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
113 dari 234
636–637 dari 1.487
6.356–6.365 dari 14.865
113.019 nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | sumandene-sumandene | tan bisa budi ingsun | sira bocah pêksa gunadi | pae Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur ajèr tan kewran | kaya sira paksa nguwani blok wêsi | tuhu ywan rare nakal ||
113.020 sira Untung mèsêm anauri | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikir lan wong akèh kiye | sasukanira iku | sira dhewe sun tan udani | Ki Untung gyalon mojar | mring wong akèh wau | hèh sanak-sanak manira | yèn anaa iya kang bisa nguculi | paran karêpe samya ||
113.021 wong akathah samya anauri | yèn ucula Untung saking sira | sanak-sanakira kabèh | apa sukanirèku | nadyan silih tumbuk nèng wêsi | alah matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | sampun ucul saking babêlokan wêsi | cingak wong-wong amulat ||
113.022 tatarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang nyênyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | lah Untung paran karsanya | dening uwis padha ucul sing sirèki | mangkya apa rèhira ||
113.023 Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa ngamuk ing Walănda | paran karêpira kabèh | sadaya gya [14: 30] sumaur | nadyan silih amuk nèng loji | kabèh danata[1] suminggah |[2] ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sêsarap dhingin | dimène padha kuwat ||
113.024 Ki Untung mèsêm amuwus aris | yèn mangkono wis padha mênênga | ingsun mêtu nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawan gêdhong dinuwa aglis | kuncine gya malêsat | Ki Untung wus mêtu | apan cinatur samana | ngandhut patrêm tapak gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||
113.025 kang ajaga pinatrêm ngêmasi | gumalethak tan kongsi sêsambat | kunci gya pinasang malèh | Ki Untung sigra laju | angulari wong sanaknèki | ya ta wontên kapêdhak | kêkalih ing ênu | sigra angrangkul samana | mring Ki Untung pan sarwi lara anangis | paran ta solahira ||
113.026 salawase kita nandhang sakit | ingsun arsa têtilik tan bisa | mêngko ta wus mêtu dhewe | payo sun gawa mantuk | Ki Untung gya dènnya tut wuri | sapraptanirèng wisma | sira mitranipun | pawong sanake sadaya | binilangan dening kang katêmwèng nguni | akathah samya prapta ||
113.027 pra sanake kathah samya nangis | Ki Untung alon dènira ngucap | ngong jaluk gêgaman bae | aywana milu ingsun | pra sanake samya nauri | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | kabèh sanak-sanakira | ing sêdyane anglabuhi lara pati | amalês bêcikira ||
113.028 sira Untung lon dènnya nauri | sun tarima kabèh sanak ingwang [14: 31: ing...wang] | sun jaluk gêgaman bae | lawan anjaluk sêkul | dèn akathah myang kinang aglis | lah payo atêrêna | ingsun nuli wangsul | sigra pawong sanakira | anggawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang tumbak cêcêndhakan ||
636–637 dari 1.487

 


datan. (kembali)
Lebih satu suku kata: kabèh datan suminggah. (kembali)