Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
113 dari 234
637–638 dari 1.487
6.367–6.376 dari 14.865
113.030 sarêng ingkang gilir jaga prapti | Kumpêni satu ingatêr kopral | ya ta Ki Untung sirage | anarik patrêmipun | wus pinatrêm siji ngêmasi | kopralirarsa mêdhang | gya pinatrêm lampus | wong kang anèng jro bêlokan | gya winêdalakên kabèh praptèng jawi | berag ing nalanira ||
113.031 nulya kinèn samya nadhah aglis | kumroyok wong sawidak punika | sawusira nginang age | nulya kang wastra dinum | ana ingkang amilih cundrik | wênèh amilih pêdhang | wênèh kêrisipun | ana tumbak cêcebolan | wusnya sangkêp samakta angati-ati | tata jawining gudhang ||
113.032 ya ta wontên wong tuwa sawiji | anggarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni rawuh | yèn lungaa têka gêgarit | goningsun mapag yuda | sumpahên wakingsun | dudu anaking manungsa | sutèng anjing yèn ingsun ninggala garis [14: 32: ga...ris] | bunuhên saking wuntat ||
113.033 ya ta wau litnane winarni | kang anata jaga ing bêlokan | suwe tan prapta koprale | apan wus kinon nusul | sareyane ingkang lumaris | wus praptèng pambêlokan | kagyat dènnya dulu | ana baris jawi gudhang | gêdhong mênga sareyan lumayu aglis | myat rowangira pêjah ||
113.034 bilang marang lutnanira aglis | katur marang radpêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabragada sigra lumaris | wus praptèng pabêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani ing rowang anêmpuh aglis | mangsah ramya kang surak ||
113.035 binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak sarêng ngamuk rampak | Kumpêni wus akèh longe | kuwêl dènnya atarung | tandangnya Ki Untung ngajrihi | lir singalodra galak | nganan keri bunuh | amatrêm sarwi anepak | wong sawidak anglir bajo angajawi | gêmpur kang sabragada ||
113.036 kang ing wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gêlap sasra | Ki Untung rusak rowange | sapalih ingkang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kèh rawuh | Ki Untung rowange têlas | pan binyukan ing mimis lir udan api | tumpês kantun priyăngga ||
113.037 Ki Untung tinubruk nganan ngeri | kang acêlak pinatrêm kèh pêjah | dyan kinandhang-kandhang bae | mêdal sing loji sampun | saparannya [14: 33] pan dèn bêdhili | mring bètèng ngalang-alang | panyalimpêdipun | Kumpêni pan wus kalangan | pan ingosak-asik dangu tan pinanggih | wadya Kumpêni bubar ||
113.038 misuwur otêr nagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês sampyuh lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung singidan sira | anèng bètèng alang-alang pitung ratri | Ki Untung duk samana ||
113.039 pan amomor mring nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | ingsun milu ing sira sabaya pati | amalês bêcikira ||
637–638 dari 1.487