Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
113 dari 234
638–639 dari 1.487
6.373–6.382 dari 14.865
113.036 kang ing wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gêlap sasra | Ki Untung rusak rowange | sapalih ingkang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kèh rawuh | Ki Untung rowange têlas | pan binyukan ing mimis lir udan api | tumpês kantun priyăngga ||
113.037 Ki Untung tinubruk nganan ngeri | kang acêlak pinatrêm kèh pêjah | dyan kinandhang-kandhang bae | mêdal sing loji sampun | saparannya [14: 33] pan dèn bêdhili | mring bètèng ngalang-alang | panyalimpêdipun | Kumpêni pan wus kalangan | pan ingosak-asik dangu tan pinanggih | wadya Kumpêni bubar ||
113.038 misuwur otêr nagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês sampyuh lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung singidan sira | anèng bètèng alang-alang pitung ratri | Ki Untung duk samana ||
113.039 pan amomor mring nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | ingsun milu ing sira sabaya pati | amalês bêcikira ||
113.040 tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu umangkat saking nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya unggyanira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kalih tiga myang sakawan | lama-lama tutur-tinuturkên sami | saparasanakira ||
113.041 kang satêngah ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiyah | nayaka Kumpêni akèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung kang dipun ungsi | nèng bètèng alang-alang | wus pêpak wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng alang-alang nênggih | samana maksih wana ||
113.042 apan eca dènira miranti | Ki Untung lawan wong satus ika [14: 34: i...ka] | kang ngambilakên pangane | apan namung Ki Untung | wira-wiri marang nagari | amomor tan koningan | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tapak tinarik | winor suruh candhikan ||
113.043 ywan kapêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih kinêbyok ing sêdhah | niba kapisanan bae | sabên-sabên kapêthuk | wong Walănda kinêbyok mati | yèn wayah wusing asar | tintrim ing margagung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan ing Kumpêni | yèn Ki Untung polahnya ||
113.044 pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | apan nuju langkung | mêdal saking ing nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra kinêbyok sêdhah ||
113.045 kapisanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumaywa | binarondong bêdhil akèh | pinêgat ngarsanipun | gya Ki Untung mingêr angeri | saking keri narajang | kang kinêbyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas longe kang ngêmasi | kopral sareyan pêjah ||
638–639 dari 1.487