Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
643–644 dari 1.487
6.429–6.438 dari 14.865
114.043 lan sira sun wèhi aran | ajênênga sira Dyan Surapati | lawan pinasthi sirèku | măngka satruning kopar | sira Untung langkung dènira anuhun | gya manêmbah ngaras pada | amit lèngsèr saking puri ||
114.044 sapraptanira ing jaba | panggih lawan rowangnya sadayèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | ngandikane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | marang sang rajèng Matawis ||
114.045 apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagari cilik | amung amine jumurung | mring solah tindak ingwang | lan malihe ingsun pinaring jêjuluk | dening sultan ingaranan | ingsun Radèn Surapati ||
114.046 rowangnya suka sadaya | dening antuk idine ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun pinêca | dening sultan ing satêdhak-têdhak ingsun | apadene angganingwang | apan satruning Kumpêni ||
114.047 bapa Bun sira kang tuwa | angaliha ingsun wèhi wêwangi | Bun Jalandriya sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira ingkang nuwanana | kang wong sadaya nauri ||
114.048 hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira amungkasi laku | kang ingsun tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku [14: 43: lu...maku] | ya barang saêrèhira | sira wus wiwekèng wèsthi ||
114.049 pan radèn maksih taruna | sadungkape sira kang angaturi | wusnya mangkana gya laju | mangkat saking nagara | pan angetan Surapati lampahipun | ing Têtêgal kamarganan | Pamalang kang dipun jogi ||
114.050 ya ta wau kawarnaa | wong Kumpêni kang sami anututi | kèndêl nagri ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalèr angetan jogipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni ||
114.051 ajrih yèn ngungsira têbah | dènnya samya wruh tandangira jurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn angumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sagung ingkang para mantri ||
114.052 Kumpêni parentahira | barang kang wong liwat kinon aniti | yèn kongsi jangkêp sapuluh | yèn tan mawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||
643–644 dari 1.487