Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114–115 dari 234
645–646 dari 1.487
6.442–6.451 dari 14.865
114.056 pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | kang ingadêkakên ratu | sampun anglar jajahan | kanan keri Ajibarang samya nungkul | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti ||
114.057 yèn ana dhusun kang băngga | gya ginêcak rêmpu tan măngga pulih | dadya prih kang kantun-kantun | wus dadi barisira | amung kantun jroning kitha dèrèng nungkul | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||
114.058 apan sampun linampahan | Êmbun Jalandriya ingkang nindhihi | kitha Toyamas wus rawuh | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amăngga puliha | kongsul saking ing nagari ||
114.059 kèndêl sawetan Toyamas | Ki Tumênggung maksih ngadêgkên baris | nèng Kalijirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung | Bun Jalandriya winarna | ratune wus dèn pondhongi ||
114.060 marang sajroning nagara | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | minăngka putra-putra | Êmbun Jalandriya gêdhig manggalèku | wus agêng dêdamêlira | mangkana ingkang winarni ||
114.061 sira Radèn Surapatya | abêbisik [14: 45: a...bêbisik] mring Bun Jalandriyèki | aywa kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang Kartasura arsa suwitèngsun | ing Sang Prabu Amangkurat | yèn ana takon ing mami ||
114.062 apadene ratunira | awaraha yèn lunga tapa mami | marang ing pasisir kidul | nanging wêwêkas ingwang | marang sira besuk yèn utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis ||
114.063 sira gawaa bêbandan | Ki Bun Jalandriya umatur inggih | sandika ing rèh pukulun | lan malih sira bapa | aywa kandhêg nênêlukakên sirèku | kang abaris Kalijirak | gitikên sapungkur mami ||
114.064 ri sampunnya amitungkas | gya umangkat Rahadèn Surapati | ing wayah madyaning dalu | angkatnya sing Toyamas | lampahira datan kawarna ing ênu | praptèng nagri Kartasura | radèn abrăngta ing galih ||
115. Asmaradana
115.001 ingkang sinêdya ing ati | sira Radèn Surapatya | umarêk rêkyana patèh | kang nama Anrangkusuma | lampahnya sampun prapta | wau paregolanipun | anulya atur uninga ||
645–646 dari 1.487