Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
640 dari 1.487
6.391–6.400 dari 14.865
114.005 ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir sutèng Arjunèki | binyuk sata kurawagung | rêmpu karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | sawanyawor sungsun tindhih ||
114.006 sadina dènira aprang | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèh belanipun | Kumpêni bêbrêgadan | Bugis Ambon Sêmbawa myang wong Malayu | miwah Makasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||
114.007 pan namung wong kawan dasa | sira Untung rowangira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa galak | sapih kang ayuda kasaput ing dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur marang nagari ||
85. Untung ngungsi gêsang dhatêng Sinuhun Sultan Cirêbon
114.008 Ki Untung ika winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar kabèh sanak-sanak ingsun | paran ta budine samya | kang wong sadaya nauri ||
114.009 tan ana kang darbe rêmbag | saparane [14: 37] Ki Untung sun tut wuri | mati uripa tan kantun | Ki Êmbun alon ngucap | mring Ki Untung lah Untung ing pikir ingsun | yèn anggung abandayuda | pira kuwatira ugi ||
114.010 amungsuh wong sanagara | yèn sirarju payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | iya sakarsanira | ngêndi ingkang yogya ingungsia iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Carêbon pan prayogi ||
114.011 Sultan Carêbon manawa | wani ngukuhana mring sira iki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan sêdya anjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | kawarnaa wong Kumpêni ||
114.012 saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | prasamya abaris tugur | atangkêb lawang kitha | mriyêm samya pinasang palataripun | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing ||
114.013 Kumpênyarsa magut yuda | pan kinêrig sagung wadyèng Batawi | budhal swaranya gumuruh | ing ênu tan winarna | praptèng bètèng lang-alang kapanggih suwung | Amral amatah kapitan | pêpitu samya ngulati ||
114.014 myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadya matang puluh | têtindhihirèng lampah | wong Kumpêni Mayor Bèndhêrpul ranipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||
640 dari 1.487