Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
640–641 dari 1.487
6.400–6.409 dari 14.865
114.014 myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadya matang puluh | têtindhihirèng lampah | wong Kumpêni Mayor Bèndhêrpul ranipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||
114.015 ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau nagari Cianjur | anggepak ngalèr ngetan | ing Carêbon sêdyanira [14: 38: sêdya...nira] kang jinujug | sigêgên ingkang lumampah | Sultan Carêbon winarni ||
114.016 darbe abdi kinasihan | pinaputra aran Ki Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mangkana Ki Surapatya | ambêburu mring wanadri ||
114.017 wong satus bêbêktanira | sapasikêpanira datan kari | lêmbing sinapan myang tulup | pêdhang tamèng ngarsanya | Surapati ing wana pan sampun rawuh | ararywan malang nèng marga | wong kang lintang prasamyajrih ||
114.018 dadya angeri anganan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | ing Carêbon tlatahipun | lumêbwèng wanawasa | praptèng unggwanira Surapati wau | Surapati kagyat mulat | wong lêlaku ting kalicir ||
114.019 kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyaniraglis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung pan sampun prapta | ing ngarsane Surapati ||
114.020 Ki Surapati têtanya | sira iki adhi wong têka ngêndi | ing êndi sinêdyèng kayun | sapa wêwanginira | sira Untung alon dènira sumaur | kawula ing Batawiyah | inggih budhaking Kumpêni ||
114.021 kesah kawula punika | apan dipun siyasat ing Kumpêni | ingkang kasêdya ing kalbu | angungsi ing jêng sultan | ing Carêbon manawi sotah angukup | angabdèkakên kawula | dening papa kawlasasih ||
114.022 Surapati osik ing tyas | yayi iki yèn sun watarèngati [14: 39: watarèng...ati] | ing solah muna myang sêmu | dudu trahing wong rucah | sun watara pantês wijil wong ginunggung | yèn katura marang sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||
114.023 dhasar gustiningong sultan | rêmên ing wong pêkik grahita lungid | lan malih wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti pasthining yèn ingsun kantun | lungsur pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||
640–641 dari 1.487