Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
639–640 dari 1.487
6.387–6.396 dari 14.865
114. Pangkur
114.001 wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung tata barise linggih | Amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | swaraning kang sanjata lir prawata rug | pêtêng kêkêsing sandawa | Ki Untung wus angabani ||
114.002 ing rowang sarêng umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbyuki keri kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa galak | wong satus wus wuru gêtih ||
114.003 ngiwat-ngiwut ngeri nganan | wong Kumpêni rusak akèh ngêmasi | Bugis Sêmbawakèh [14: 36: Sê...mbawakèh] lampus | miwah Ambon Makasar | wong Kumpêni ing wuri akathah rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||
114.004 ngurugan dening sanjata | datan anggop angêdrèl ing Kumpêni | lwir gêlap sasra mabarung | gurnat miwah gurnita | gutuk api lir udan api kadulu | Ki Untung pangamukira | tan pisah agolong pipis ||
114.005 ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir sutèng Arjunèki | binyuk sata kurawagung | rêmpu karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | sawanyawor sungsun tindhih ||
114.006 sadina dènira aprang | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèh belanipun | Kumpêni bêbrêgadan | Bugis Ambon Sêmbawa myang wong Malayu | miwah Makasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||
114.007 pan namung wong kawan dasa | sira Untung rowangira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa galak | sapih kang ayuda kasaput ing dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur marang nagari ||
85. Untung ngungsi gêsang dhatêng Sinuhun Sultan Cirêbon
114.008 Ki Untung ika winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar kabèh sanak-sanak ingsun | paran ta budine samya | kang wong sadaya nauri ||
114.009 tan ana kang darbe rêmbag | saparane [14: 37] Ki Untung sun tut wuri | mati uripa tan kantun | Ki Êmbun alon ngucap | mring Ki Untung lah Untung ing pikir ingsun | yèn anggung abandayuda | pira kuwatira ugi ||
114.010 amungsuh wong sanagara | yèn sirarju payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | iya sakarsanira | ngêndi ingkang yogya ingungsia iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Carêbon pan prayogi ||
639–640 dari 1.487