Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
642–643 dari 1.487
6.412–6.421 dari 14.865
114.026 lah iku sakarsanira | Surapati bramatya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya lumumpat | sarwi ngucap mring rowangnya sadayèku | padha sira lumayua | ingsun dhewe kang nanggêni ||
114.027 sira wus tanpa gêgaman | wong Carêbon sigra dènnya nututi | wadya satus parêng manduk | ambêdhil myang anumbak | Surapati anindhihi wadyanipun | sarêng ngêmbat-êmbat watang | Ki Untung datan gumingsir ||
114.028 narik patrêm asta kanan | asta keri sampun anarik kêris | anganan ngeri anuduk | tinumbak tan suminggah | wong Carêbon kang kapatrêm akèh lampus | Ki Untung asru sêsumbar [14: 40: sê...sumbar] | payo kene Surapati ||
114.029 aja ngadu wadyanira | Surapati ngatag wadya nèng wuri | payo sosogên ing ganjur | wong siji găndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | kang kaparag akèh mati ||
114.030 wong Carêbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singabarong kadulu | winatang tan tumama | wong Carêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur kewala | tan kêna ingadu malih ||
114.031 Ki Surapati malaywa | sêdyanira wêwadul mring nagari | ya ta warnanên Ki Untung | rowangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya pan sampun kumpul | angungun ing polahira | wênèh ana anangisi ||
114.032 Ki Untung apirêmbagan | lan rowange prasamya angling aris | dawêg anyimpang Ki Untung | manawi winangsulan | dening kang wong ingkang ambebêgal wau | Ki Untung alon angucap | amêlasakên derangling ||
114.033 apan wong nêdya raharja | sayêktine iya manggih basuki | saksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | lajêng tumamèng jro puri ||
114.034 sultan pan lagya pinarak | Surapati praptèng ngarsa wotsari | gupuh dènira umatur | kawulatur uninga | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal wontên ing wana | dening kang amêndhêt kardi ||
114.035 tiyang saking Batawiyah | wastanipun inggih pun Untung gusti | dene [14: 41] ing mangke pun Untung | lajêng manjing ing kitha | kèndêl wontên margi pamrapatan wau | Sultan Carêbon ngandika | mring kang wong akèn nimbali ||
642–643 dari 1.487