Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
642–643 dari 1.487
6.417–6.426 dari 14.865
114.031 Ki Surapati malaywa | sêdyanira wêwadul mring nagari | ya ta warnanên Ki Untung | rowangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya pan sampun kumpul | angungun ing polahira | wênèh ana anangisi ||
114.032 Ki Untung apirêmbagan | lan rowange prasamya angling aris | dawêg anyimpang Ki Untung | manawi winangsulan | dening kang wong ingkang ambebêgal wau | Ki Untung alon angucap | amêlasakên derangling ||
114.033 apan wong nêdya raharja | sayêktine iya manggih basuki | saksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | lajêng tumamèng jro puri ||
114.034 sultan pan lagya pinarak | Surapati praptèng ngarsa wotsari | gupuh dènira umatur | kawulatur uninga | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal wontên ing wana | dening kang amêndhêt kardi ||
114.035 tiyang saking Batawiyah | wastanipun inggih pun Untung gusti | dene [14: 41] ing mangke pun Untung | lajêng manjing ing kitha | kèndêl wontên margi pamrapatan wau | Sultan Carêbon ngandika | mring kang wong akèn nimbali ||
114.036 hèh bocah lah timbalana | wong kang rèrèn ngênu prapatan aglis | iya kang aran Si Untung | wong saking Batawiyah | sigra lampahing duta pan sampun rawuh | ngunggwaning Ki Untung ika | ya ta sampun dèn timbali ||
114.037 Ki Untung kèrid utusan | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Untung binakta malêbu | prapta ngarsanya sultan | ya ta Sultan Carêbon ngandika arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||
114.038 ingsun arsa atêtanya | marang sira iya praptanirèki | ana ing nagaraningsun | anggawa rowang pira | sira Untung agya manêmbah umatur | inggih gusti kawan dasa | sultan ngunandikèng galih ||
114.039 ya lane Si Surapatya | kang dursila nglêtuhi praja mami | durung ana luwangipun | lah iya ngêndi ana | mung wong patang puluh ambegal wong satus | dening ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||
114.040 ri sampunnya pinariksa | sira Untung sultan dahat aruntik | gya Surapati pinikut | wus kinon mêjahana | sinudukan sira anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika malih ||
642–643 dari 1.487