Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
114 dari 234
643–644 dari 1.487
6.425–6.434 dari 14.865
114.039 ya lane Si Surapatya | kang dursila nglêtuhi praja mami | durung ana luwangipun | lah iya ngêndi ana | mung wong patang puluh ambegal wong satus | dening ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||
114.040 ri sampunnya pinariksa | sira Untung sultan dahat aruntik | gya Surapati pinikut | wus kinon mêjahana | sinudukan sira anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika malih ||
114.041 hèh Untung ingsun wus wikan | sira prapta sêdyanira ing mami | nêdya angungsi sirèku | pan wus ingsun tarima | nanging ingsun Untung tan kawawèng ngrêngkuh | pan iya nagaraningwang | ing Carêbon iki cilik [14: 42] ||
114.042 sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa apan iku kang amêngku | kawawa ngukuhi sira | dene ingsun angamini ||
114.043 lan sira sun wèhi aran | ajênênga sira Dyan Surapati | lawan pinasthi sirèku | măngka satruning kopar | sira Untung langkung dènira anuhun | gya manêmbah ngaras pada | amit lèngsèr saking puri ||
114.044 sapraptanira ing jaba | panggih lawan rowangnya sadayèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | ngandikane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | marang sang rajèng Matawis ||
114.045 apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagari cilik | amung amine jumurung | mring solah tindak ingwang | lan malihe ingsun pinaring jêjuluk | dening sultan ingaranan | ingsun Radèn Surapati ||
114.046 rowangnya suka sadaya | dening antuk idine ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun pinêca | dening sultan ing satêdhak-têdhak ingsun | apadene angganingwang | apan satruning Kumpêni ||
114.047 bapa Bun sira kang tuwa | angaliha ingsun wèhi wêwangi | Bun Jalandriya sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira ingkang nuwanana | kang wong sadaya nauri ||
114.048 hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira amungkasi laku | kang ingsun tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku [14: 43: lu...maku] | ya barang saêrèhira | sira wus wiwekèng wèsthi ||
643–644 dari 1.487