Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
661–662 dari 1.487
6.607–6.616 dari 14.865
116.042 rowangira Surapati siji kêna | wêntise angêmasi | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | madayèng wêling narpati | wangsul sakala | ngilèn Si Surapati ||
116.043 gya pinagut wadyèng Sampang pan lumaywa | Surapati nututi | wontên ta kacandhak | têtiga tinumbakan | wong Sampang ingkang akanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||
116.044 angandika mring Dipatyèng Surabaya | hèh kang ing Surawèsthi | iki olèh tăndha | iya kaparêng uga | wong manira ana kanin | wus winangsitan | wau Ki Surapati ||
116.045 pan tinuntun dening wadya ing Madura | myang wadyèng Surawèsthi | angilèn lumajar | binujung sinurakan | mring wadyane Surapati | myang wadyanira | wau rahadèn patih ||
116.046 wong Madura Surabaya kang lumajar | kapêthuk ing Kumpêni | Lutnan Règès ika | ngirid wadyèng Walănda | apan namung sa-Kumpêni | ingkang lumajar | kumpul wuryèng Kumpêni ||
116.047 Lutnan Règès kèndêl wus anata bala | saha tamburnya [14: 68] muni | Radèn Surapatya | sarêng wruh wong Walănda | wus nêdya datan gumingsir | samya bêk pêjah | nêmpuh sawadyanèki ||
116.048 Lutnan Règès pan sampun ngabani bala | ngêdrèl mring Surapati | gumrudug tamburnya | sarêng bêdhil swaranya | Surapati tan gumingsir | samya ambrangkang | waos samya ingirid ||
116.049 apan pêtêng awor kukusing sandawa | pangamuke angungkih | Radèn Surapatya | sarêng cêlak saksana | gya giyak sarêng numbaki | mring wong Walănda | wadyane Surapati ||
116.050 apan tumpês sa-Kumpêni wong Walănda | Lutnan Règès wus mati | gya wadyèng Madura | myang wadyèng Surabaya | apan wus lumayu malih | gya sinurakan | mring wonge Surapati ||
116.051 Radèn Anrangkusuma tansah ing wuntat | amomong Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang kang lumajar | ing alun-alun wus prapti | gègèr samana | kang baris păncaniti ||
661–662 dari 1.487