Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
662–663 dari 1.487
6.617–6.626 dari 14.865
116.052 ya ta wau sira Arya Sindurêja | kang momong ing Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | hèh tuwan paran karsèki | de wadyanira | Lutnan Règès wus mati ||
116.053 miwah wadyèng Madura myang Surabaya | apan sampun kajodhi | akathah kabranan | tan adangu gya prapta | kang samya anandhang kanin | langkung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||
116.054 Kapitan Tak mulat kalangkung bramatya | sigra ngabani baris | mukul tamburira | rolas pan sarêng munya | gumrudug anggêgumyuri [14: 69: anggêgu...myuri] | kang kawarnaa | Rahadèn Surapati ||
116.055 kang bêbujung wong Sampang lan Surabaya | ing alun-alun prapti | kang samya lumajar | lajêng mangilèn samya | ana kang manjing ing puri | gêdhong pasowan | satunggil wus binasmi ||
116.056 Surapati pan sampun praptèng pagongan | tarap baris alinggih | ya ta sri narendra | munggwing ing sitibêntar | ingadhêp dening parari | katiga samya | munggwing ngarsa narpati ||
116.057 pan apajêg barising wadya kaparak | rumêksa ing narpati | kanan keri aglar | ya ta wong Kasindurjan | myang wadyaning pra dipati | ambêdhil samya | lawar mring Surapati ||
116.058 ingadêgan mring wadyane Surapatya | kawur lumaywa ngisis | sira Tak bramatya | sigra ngabani bala | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawa gumrah | otêr wong sanagari ||
116.059 wus aparêk Kumpêni awas tumingal | ing wonge Surapati | sigra ingabanan | Kumpêni ambêdhila | lir gêlap sèwu barungi | tambur gumêrah | bangkilung wadya Bugis ||
116.060 maksih dhêdhêp Surapati sawadyanya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sandawa | pêtêng lir ampak-ampak | ya ta Radèn Surapati | ngabani bala | sarêng mangsah ing jurit ||
116.061 wus atêmpuh Surapati ngamuk rampak | Kumpêni anadhahi | akuwêl prangira | gumrudug kang sênapan | pêtêng kukus anglimputi | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||
662–663 dari 1.487