Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116–117 dari 234
667 dari 1.487
6.661–6.670 dari 14.865
116.096 ingkang rayi pinatêdhan pêpanganan | jêram kalawan manggis | timun lan sêmăngka | jambu kalawan salak | katiga sami abukti | radèn apatya | myang sang asmarèng jurit ||
117. Asmaradana
88. Surapati dados Bupati wontên ing Pasuruan, kaparingan nama Tumênggung Wiranagara
117.001 ngandika sri narapati | marang Radèn Surapatya | kaliwat tarimaningong | nanging sira angetana | nagarèng Pasuruan | sun ganjarkên ing sirèku | ing kono sira lungguha ||
117.002 sira apacaka baris | anèng nagri Pasuruan | poma dèn prayitnèng kewoh | lan sira sun wèhi aran | sira ngaliha nama | anamaa Si Tumênggung | Tumênggung Wiranagara ||
117.003 manêmbah Ki Surapati | kalangkung panuwunira | ngandika malih sang katong | mring Radèn Anrangkusuma [14: 75: Anrangku...suma] | lawan sira milua | mring Pasuruan ywa kantun | kalawan Si Surapatya ||
117.004 tur sêmbah radèn apatih | ing karsa datan lênggana | apan ta sampun sinangon | Rahadèn Anrangkusuma | miwah Ki Surapatya | busana myang reyal nyèwu | sang nata malih ngandika ||
117.005 payo mangkata tumuli | dalan angobong-obonga | anadene kang sun kongkon | ambêburu marang sira | iya wong Surabaya | lawan wong Madura iku | miwah wong măncanagara ||
117.006 kêkalih sarêng wotsari | mangaras padèng narendra | tuwin mring Pangran Pugêre | saksana kalih wus mêdal | panggih lan wadyanira | ya ta wau kang winuwus | wadyèng Sampang Surabaya ||
117.007 saking kilèn angêbyuki | ing bêdhil sinarêng surak | lir parwata rug swarane | myang wadyèng măncanagara | sarêng dènnya umangsah | Radèn Surapati wau | wus lorod sawadyanira ||
117.008 angetan dipun bêdhili | angobong-obong samarga | pan angêlud saparane | marang wong măncanagara | dening wadyèng Madura | lan wong Surabaya wangsul | ya ta ingkang kawarnaa ||
117.009 sang nata kondur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Êtak | naga sirna angrasa | wani kawuwusèng dalu |[1] Kumpêni ingkang lumaywa ||
667 dari 1.487

 


Tanggal: naga sirna angrasa wani (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. Sangkala ini mengacu pada serangan Surapati terhadap Kapten François Tack (Êtak). Menurut Ricklefs (1981 hlm. 80) serangan ini terjadi pada tanggal 8 Februari 1686. (kembali)