Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
659–660 dari 1.487
6.587–6.596 dari 14.865
116.022 ya ta wontên dutane Dipati Sampang | panggih lan Sindurjèki | duta aturira | kawula pan diduta | ing raka sang adipati | atur uninga | lamun pun Surapati ||
116.023 dèn bêbujung mangalèr gêpak mangetan | paduka dèn aturi | anuntên enggala | kalawan Kapitan Tak | manawi pun Surapati | ngidul parannya | satêmah gêpok puri ||
116.024 inggih Ki Arya ngalun-alun barisa | rakanta langkung watir | sigra Kapitan Tak | lan Arya Sindurêja | ginêlak lampahing baris | gumrah swaranya | ing [14: 65] alun-alun prapti ||
116.025 wus angumpul barising Kumpêni aglar | gamêng tinon ngajrihi | lor waringin kêmbar | wus samya sinêgahan | dawêgan kalawan cêngkir | dadya gungira | păncatus wong Kumpêni ||
116.026 tigang atus gêgawane Kapitan Tak | kalih atus kang lami | myang Bugis Makasar | rongatus winarata | sira Tak minggah sitinggil | wusnya tabean | lawan sri narapati ||
116.027 atur pakêkintun sing gurnadur jendral | wus katur ing narpati | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuta gusti | eyang paduka | ngapus buron Kumpêni ||
116.028 ingkang wontên nagari dalêm punika | sukaa padukaji | sang nata ngandika | iya Tak dèn pracaya | apan ta Si Surapati | băngga maringwang | lan băngga ing Kumpêni ||
116.029 sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrowangi | miluwa ing sira | nguni kang ingsun duta | ambujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan wong Surawèsthi ||
116.030 nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aywadoh lan ingwang | iya mênèk kasoran | wong Sampang lan Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpok puri ||
116.031 sarêng myarsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti jangan susah | yèn sun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang prasasat mati ||
659–660 dari 1.487