Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
660–661 dari 1.487
6.594–6.603 dari 14.865
116.029 sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrowangi | miluwa ing sira | nguni kang ingsun duta | ambujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan wong Surawèsthi ||
116.030 nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aywadoh lan ingwang | iya mênèk kasoran | wong Sampang lan Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpok puri ||
116.031 sarêng myarsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti jangan susah | yèn sun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang prasasat mati ||
116.032 inggih gusti wus anèng êsak kawula | ya Surapati baik | nanti [14: 66] beta ajar | êlu punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêmbat wêntis ||
116.033 wus tumurun Êtak saking sitibêntar | nindhihi barisnèki | ya ta Sindurêja | sigra dènnya utusan | maring sang dipati kalih | ing Surapringga | lan Pangran Madurèki ||
116.034 amangsit yèn Kapitan Tak sampun prapta | ing alun-alun baris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | anggepak ngetan aglis ||
116.035 nurut lèpèn Pepe binujung wong Sampang | lawan wong Surawèsthi | sarwi binêdhilan | praptèng Bungas lor wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||
116.036 sapraptane ing Sêndhang Dyan Surapatya | sêdya aso kariyin | baris sawadyanya | miwah radèn apatya | sawadyanira abaris | aso nèng Sêndhang | maksih dipun bêdhili ||
116.037 duk samana misuwur sapanangkilan | yèn Radèn Surapati | myang radèn apatya | aso baris ing Sêndhang | gya kawarta ing Kumpêni | yèn Surapatya | anèng Sêndhang abaris ||
116.038 gya dinuta ajidan mring Kapitan Tak | tur uningèng narpati | yèn Kapitan Êtak | wus andutakkên lutnan | Lutnan Règès kang tinuding | angirid wadya | Walănda sa-Kumpêni ||
660–661 dari 1.487