Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
116 dari 234
660–661 dari 1.487
6.600–6.609 dari 14.865
116.035 nurut lèpèn Pepe binujung wong Sampang | lawan wong Surawèsthi | sarwi binêdhilan | praptèng Bungas lor wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||
116.036 sapraptane ing Sêndhang Dyan Surapatya | sêdya aso kariyin | baris sawadyanya | miwah radèn apatya | sawadyanira abaris | aso nèng Sêndhang | maksih dipun bêdhili ||
116.037 duk samana misuwur sapanangkilan | yèn Radèn Surapati | myang radèn apatya | aso baris ing Sêndhang | gya kawarta ing Kumpêni | yèn Surapatya | anèng Sêndhang abaris ||
116.038 gya dinuta ajidan mring Kapitan Tak | tur uningèng narpati | yèn Kapitan Êtak | wus andutakkên lutnan | Lutnan Règès kang tinuding | angirid wadya | Walănda sa-Kumpêni ||
116.039 sêdyanira ambantua ing ayuda- | nira wong Surawèsthi | miwah wong Madura | wau kang kawarnaa | sira Radèn Surapati | kang anjog [14: 67: anjo...g] Gumpang | ingkang aso abaris ||
116.040 anarajang ing baris măncanagara | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Si Konangpasir ||
116.041 Konangpasir angucap mring kancanira | akêsêl têmên mami | anggung bêburonan | balalang balulungan | payo padha nganggo mimis | têka sapisan | jinajal sigra bêdhil ||
116.042 rowangira Surapati siji kêna | wêntise angêmasi | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | madayèng wêling narpati | wangsul sakala | ngilèn Si Surapati ||
116.043 gya pinagut wadyèng Sampang pan lumaywa | Surapati nututi | wontên ta kacandhak | têtiga tinumbakan | wong Sampang ingkang akanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||
116.044 angandika mring Dipatyèng Surabaya | hèh kang ing Surawèsthi | iki olèh tăndha | iya kaparêng uga | wong manira ana kanin | wus winangsitan | wau Ki Surapati ||
660–661 dari 1.487