Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
674–675 dari 1.487
6.736–6.745 dari 14.865
117.075 kalima parêng tur bêkti | sang nata malih ngandika | hèh Sindurêja dèn agè | nuli sira angsulana | duta saking Japara | muniyèng sasi ing besuk | patine Si Martapura ||
117.076 sira kang sun kon nindaki | matèni Si Martapura | lan papat punggawaningong | iku măngka kanthinira | munia jroning layang | Arya Sindurja wotsantun | wus mêdal saking ing pura ||
117.077 sapraptanira ing jawi | pan sampun akarya surat | wus sinungakên dutane | gya mêsat dutèng Japara | datan kawarnèng marga | ing Japara pan wus rawuh | lan kumêndur wus apanggya ||
117.078 wus sinung surat narpati | kumêndur gya anupiksa | kalangkung suka ing tyase [15: 9: tya...se] | Kumêndur Sêlutdriyansah | ngundhangi marang wadya | dèn samakta saha sugun | yèn prapta dutaning nata ||
117.079 wusnya mangkana winarni | ri sampuning ing antara | pan sampun gantya wulane | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun asayaga | miwah kang punggawa catur | apan wus sami sayaga ||
117.080 asaos ing păncaniti | ya ta sampun ingandikan | lajêng tumamèng kadhaton | wus praptèng ngarsa narendra | kang punggawa kalima | wus tampi pitungkas tuhu | kalima sarêng tur sêmbah ||
117.081 pan sarêng dènira mijil | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgaman awarna-warna | ing marga tan winarna | gancanging carita rawuh | pan nagari ing Japara ||
117.082 Tumênggung Martapurèki | wus asaos pasanggrahan | munggèng ing alun-alune | kumêndur pan wus miyarsa | yèn prapta duta nata | wadya Kumpêni amêthuk | ing ênu wus panggih samya ||
117.083 lawan rahadèn apatih | wusnya cundhuk têtabean | anulya laju lampahe | ing alun-alun wus prapta | wadya Kumpêni urmat | sanjata lir gunung rugrug | tambur gumuruh swaranya ||
117.084 lajêng atumamèng loji | Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | Kumêndur Sêlutdriyansah | langkung angupasuba | Radèn Sindurêja muwus | manira tuwan dinuta ||
674–675 dari 1.487