Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
675–676 dari 1.487
6.748–6.757 dari 14.865
117.087 marma sami ngati-ati | sagung prajurit manira | benjing manira bêktèng jro | rumêksa ing pakênira | kumêndur langkung suka | saya trima kasih sungguh | pracayane sri narendra ||
117.088 angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pakênira | manira arsa amondhok | angasokakên ing wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ing pintu | rahadèn wus masanggrahan ||
117.089 miwah sagunging bupati | sadaya wus masanggrahan | datan antara praptane | suguhe Ki Martapura | anggili jêjodhangan | ing ari datan kawuwus | arka wus nitih ancala ||
117.090 ing dalu ika winarni | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan marang pondhok | gunêm lan radèn apatya | miwah catur punggawa | Radèn Arya Sindurja sru | ngandika mring Martapura ||
117.091 hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walănda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | lawan sakănca manira ||
117.092 Pangran Natakusuma ris | ngandika gih Martapura | besuk yèn praptèng loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kănca manira | nora talangke angamuk | yèn sira wani anglawan ||
117.093 barêng lêbur barêng mati | bupati [15: 11: bupa...ti] iki lan sira | Martapura sru ature | yèn makatên tang[1] timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah ||
117.094 amungsuh lawan si kapir | ing pundi gèn kapanggiha | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | asêdya sabilullah | alah silih raga ulun | mati bubukên kêwala ||
117.095 angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga padhang | sarwi anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna ||
117.096 ya ta kawuwusa enjing | punggawa sami samakta | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe barêng pêjah | kang arsa binakta masuk | dene wadyanya kang kathah ||
675–676 dari 1.487

 


kang. (kembali)