Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
667–668 dari 1.487
6.670–6.679 dari 14.865
117.009 sang nata kondur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Êtak | naga sirna angrasa | wani kawuwusèng dalu |[1] Kumpêni ingkang lumaywa ||
117.010 kang samya kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | aicir kala inggate | karahinan duk ing [14: 76] marga | tumpês dening wong desa | ya ta wau sang aprabu | enjing miyos siniwaka ||
117.011 pêpak kang wadya anangkil | sagung kang para dipatya | pra satriya ing ngarsandhèr | Pangran Pugêr myang Pangeran | Arya Panular ika | Radèn Tapa munggwèng ngayun | sang nata alon ngandika ||
117.012 hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | kang gantyanana lungguhe | pan Si Arya Sindurêja | kang rayi atur nêmbah | inggih kalangkung jumurung | ing karsa paduka nata ||
117.013 kalawan maninge yayi | ya arinira Si Tapa | pan wus liwat diwasane | iku sun paringi aran | Pangran Arya Mataram | lan lêlungguhe wong sèwu | lawan si adhi Panular ||
117.014 iku padha sun paringi | nêmatus lêlungguhira | kalawan adhi malihe | si paman Natakusuma | ingsun karya wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa ||
117.015 mupakat samya ngèstrèni | sagung kang para dipatya | ing parentahe sang katong | wau ingkang kawarnaa | Rahadèn Surapatya | ingkang mêntas dèn bêbujung | ing ênu datan winarna ||
117.016 ing Pasuruan wus prapti | sagunging para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana ingkang sumêlang ||
117.017 suyud nagri kanan keri | ing Bangil myang Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daha myang Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | nungkul marang Pasuruan [14: 77] ||
117.018 sawetaning ardi Wilis | singa banggaa binahak | pan wus andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira ||
667–668 dari 1.487

 


Tanggal: naga sirna angrasa wani (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. Sangkala ini mengacu pada serangan Surapati terhadap Kapten François Tack (Êtak). Menurut Ricklefs (1981 hlm. 80) serangan ini terjadi pada tanggal 8 Februari 1686. (kembali)