Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117–118 dari 234
677–678 dari 1.487
6.764–6.773 dari 14.865
117.103 nuli tumandang ngawaki | iku sipating narendra | anadene kumêndure | manira kang kabubuhan | ywa lintang anuduka | wus dadya pacanganipun | kris manira Ki Gupita ||
117.104 mèsêm rahadèn apatih | pangeran nuwun kawula | dènnyagung sih ing marmane | nanging bêbadan kawula | inggih măngsa kantuna | lawan sampèyan angamuk | sarênga sabayantaka ||
117.105 ya ta kang para dipati | samya ngaturkên prasêtya | ajanji barêng lêbure | wau ta sampun sayaga | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wanèh tumbak cêcebolan ||
117.106 umangkat rahadèn patih | lawan kang catur punggawa | kang wadya prayatnèng kewoh | Ki Tumênggung Martapura | apan kinèn kantuna | mangkya yèn dyan patih rawuh | ing loji ginuladrawa ||
118. Dhandhanggula
118.001 lampahira praptèng ngarsa loji | wau Radèn Arya Sindurêja [15: 13: Si...ndurêja] | myang punggawa sakancane | kumêndur sigra mêthuk | saha wadya Kumpêni baris | urmat ing rawuhira | Dyan Sindurêjèku | wusnya samya têtabean | pan sadaya ngaturan umanjing loji | prapta tata alênggah ||
118.002 munggwing kursi wadya trap ing wuri | sêsêliran binakta sadaya | langkung pangupasubane | sira Kumêndur Sêlut | wusnya nglarihkên èpbrandhu win | kumêndur alon mojar | peran èstunipun | radèn karsa jêngandika | anauri wau Radèn Sindurja ris | mangke manira undang ||
118.003 maksih kadya rêmbug duk ing wingi | ya ta kumêndur langkung asuka | pan wus andhèr Kumpênine | kang samyandêl ing kewuh | ingkang munggwèng ing kursi dening | watara sapta wêlas | Kumpêni gung-agung | ambanjêng ayun-ayunan | lan sagunge wau kang para dipati | batine ingajangan ||
118.004 radèn apatih sigra anuding | akèn nimbali ing Martapura | kang dinuta nêmbah lèngsèr | asigra lampahipun | sampun praptèng dalêmirèki | Tumênggung Martapura | api-api ngêlu | mukane pan sinêmburan | Martapura sêsarean dèn pijêti | duta prapta angucap ||
118.005 nêdha enggal ngandikan mring loji | Martapura alon saurira | iya anak kayapriye | sun iki lagi ngêlu | mêngko thithik manawa mari | Tumênggung Martapura | ing manah ngaduwung | dene kabèh sanggupira | yèn kênaa tinêbas êmas lan picis | wurunge băndayuda [15: 14: bănda...yuda] ||
118.006 duta nulak wus prapta ing loji | katur lamun Kyai Martapura | lagya angêlu sakite | Radèn Sindurêjèku | jajanira lir wora-wari | ngatirah netranira | kang lathi kumêdut | tansah ginigit kang waja | dyan kumêndur miyat radèn sangêt runtik | ngrêrêpa wuwusira ||
677–678 dari 1.487