Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
668–669 dari 1.487
6.678–6.687 dari 14.865
117.017 suyud nagri kanan keri | ing Bangil myang Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daha myang Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | nungkul marang Pasuruan [14: 77] ||
117.018 sawetaning ardi Wilis | singa banggaa binahak | pan wus andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira ||
117.019 sukèng tyas sri narapati | ya ta ingkang kawuwusa | pan wus miyarsa wartane | Kumêndur Sêlutdriyansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sa-Kumpêninira ||
117.020 aprang lawan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | samana mêngkak driyane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar sampun | mring nagari Batawiyah ||
117.021 mangkana ingkang winarni | Kyai Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang nagri ing Japara | pangandikaning nata | kinèn prasadu asung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||
117.022 miwah wadyaning narpati | akathah ingkang kabranan | myang ingkang pêjah wus dene | kang duta praptèng Japara | katur pustakanira | marang ing Kumêndur Sêlut- | driyansah gya tinupiksa ||
117.023 miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng ing nala | nanging tansah gèdhèg bae | kang duta sampun tinulak | datan mawi wangsulan | mangkana ingkang cinatur | pan nagari ing Japara ||
117.024 wong Jawa lawan Kumpêni | tan wontên saba-sinaba | butarêpan sadinane | wau dutèng Kasindurjan | wus praptèng Kartasura | katur marang sang aprabu | yèn Kumêndur sangêt mêngkak ||
117.025 mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | myang kang rayi [14: 78] katigane | sapraptanira ing pura | wus munggwing ing ngayunan | sang nata ngandika arum | hèh yayi mas adipatya ||
117.026 paran karsanira yayi | dene Si Kumêndur mêngkak | iku yayi karsaningong | yèn ana kang dadi marga | bêcik yayi wasisan | ilanga sêsukêr ingsun | Pangeran Pugêr tur sêmbah ||
668–669 dari 1.487