Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
669–670 dari 1.487
6.690–6.699 dari 14.865
117.029 yèn wontêna margi malih | kadya kang wus kalampahan | sakarsa paduka katong | dadya kang raka ngandika | yèn mangkono yayi mas | atariyèng punggawagung | sapa kang sanggup ngêjuma ||
117.030 iya mêngkak ing Kumpêni | pan agung ganjaran ingwang | payo pikirên dèn age | kang rayi tur sêmbah mêdal | miwah sagung dipatya | ing srimanganti wus rawuh | tan winarna solahira ||
117.031 sagung ingkang pra dipati | pasisir măncanagara | kang tinari samya mopo | wontên abdi sri narendra | lungguh mantri kaparak | Ki Jiwaraga ranipun | punika kang sumanggupa ||
117.032 katur maring sri bupati | ingidèn gya lumaksana | amundhi surat sang katong | myang kêkintun warna-warna | datan kawarnèng marga | ing Japara [14: 79: Japa...ra] uwus rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||
117.033 laju tumama ing loji | pêpikul kang munggwèng ngarsa | nèng jawining pintu andhèr | kagyat Kumpêni umiyat | ya ta Ki Jiwaraga | pinanggil marang Kumêndur | Sêlutdriyan wus pinanggya ||
117.034 Ki Jiwaraga lingnyaris | tuwan manira dinuta | matêdhakakên surate | Jêng Sinuhun Amangkurat | prabu ing Kartasura | lawan ingkang pakêkintun | warni kuda sakêmbaran ||
117.035 lawan susuh pitung dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | Kumêndur gupuh anthuke | pan sarwi ambuka surat | ya ta wus tinupiksa | kadriya raosing têmbung | Kumêndur Sêlutdriyansah [15: 3] ||[1]
Surapati dados Bupati wontên ing Pasuruan, kaparingan nama Tumênggung Wiranagara [lanjutan]
117.036 mangrêpa dènira angling | hèh Kiyai Jiwaraga | apuntênipun sang katong | dene kawula anggêga | wartyèng têtiyang kathah | ing mangke baik sang prabu | lah punapa rinaosan ||[2]
117.037 pan kacatur tigang ari | Jiwaraga nèng Japara | langkung pangupasubane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | angsul-angsul mring sang prabu | saha ngaturi rêruba ||
117.038 baludru renda myang gêndhis | êtèh pan sampun tinampan | Ki Jiwaraga nulyage | mêsat saking ing Japara | datan kawarnèng marga | ing Kartasura wus rawuh | katur marang sri narendra ||
669–670 dari 1.487

 


§ Lajêng nyandhak jilid: 15. (kembali)
Titil awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 15 (Serie no. 1289n). Batawi Sèntrêm: Balé Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Panêmbahan Rama ambalela. (kembali)