Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
117 dari 234
670–671 dari 1.487
6.698–6.707 dari 14.865
117.037 pan kacatur tigang ari | Jiwaraga nèng Japara | langkung pangupasubane | Kumêndur Sêlutdriyansah | sampun akarya surat | angsul-angsul mring sang prabu | saha ngaturi rêruba ||
117.038 baludru renda myang gêndhis | êtèh pan sampun tinampan | Ki Jiwaraga nulyage | mêsat saking ing Japara | datan kawarnèng marga | ing Kartasura wus rawuh | katur marang sri narendra ||
117.039 yèn Jiwaragantuk kardi | surat katur ing sang nata | myang sadaya tur-ature | kang surat wus tinupiksa | sang nata langkung suka | Ngabèi Jiwaragèku | samana sampun ginanjar ||
117.040 apan kinarya bupati | pinatêdhan ing Japara | kinarya pamugêrane | Kumpêni anèng Japara | sira Ki Jiwaraga | inggih anama tumênggung | Ki Tumênggung Martapura ||
117.041 wus kinèn budhal tumuli | mantuka marang Japara | datan kawarna solahe | Ki Tumênggung Martapura | pan sampun asayaga[1] | lan saanak grahanipun | budhal marang ing Japara ||
117.042 ing marga datan winarni | wus praptèng nagri Japara | kumêndur langkung sukane [15: 4: suka...ne] | dene Kyai Jiwaraga | jinunjung linggihira | lan tinuduh karyanipun | Kumpêni pamugêrannya ||
117.043 Tumênggung Martapurèki | wus têtêp dènira lênggah | nèng nagari Japarane | samana pan sampun lama | nagari ing Japara | bicarèng Kumpêni runtut | tan ana taha-tinaha ||
117.044 mangkana ingkang winarni | sira Arya Sindurêja | tinariman ing sang tong |[2] apan kadang kang taruna | kang kinarya ganjaran | mring Arya Sindurêjèku | kang nama Dyan Ayu Pucang ||
117.045 ing solah datan winarni | kalanira tinariman | sirarya Sindurêjane | samana sampun kagraha | sira Dyan Ayu Pucang | mring Arya Sindurêjèku | ya ta wau sri narèndra ||
117.046 undhang mring wadyagung alit | mangkana kang pangandika | iya wadyaningsun kabèh | padha sira ngèstokêna | lamun Si Sindurêja | apan iku ipeningsun | mêngko ingsun junjung nama ||
670–671 dari 1.487

 


asiyaga. (kembali)
Kurang satu suku kata: tinariman ing sang katong. (kembali)