Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
118 dari 234
679–680 dari 1.487
6.789–6.798 dari 14.865
118.022 katur sêrat kêkitir donyèki | nanging maksih rinaksèng mandhapa | miwah saanak rayate | rinaksèng mantri agung | Dêmak Garobogan lan Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar ing kumêndur | hèh sudara jêngandika | manawi ta wontên ingkang dèn karsani | tilare Martapura ||
118.023 ingkang warni brana miwah bini | sira kumêndur mangrêpa mojar | ingkang botên-botên radèn | pan kagungane ratu | yèn nuwuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabaikan ||
118.024 radèn apatih ngandika malih | dhawuhakên andikaning nata | hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakawis pun Surapati | mangkya nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanagara | sri narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
118.025 ingkang badhe tinuduh ing kardi | kang minăngka senapatining prang | Adipati Madurane | lawan ing Surèngkewuh [15: 18] | ngirid sagung wadyèng pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya kang pirêmbag | pakênira ing benjang kintuna tulis | pasthine kang ubaya ||
118.026 kumêndur alon dènnya nauri | yèn makatên rahadèn kawula | atur srat mring Bêtawine | tur wikan ing gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bala Walănda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruan | Radèn Arya Sindurja jumurung kapti | wus bubar masanggrahan ||
118.027 tan winarna solahirèng nguni | Radèn Arya Sindurêja lawan | catur punggawa lami nèng | Japara madya tangsu | duk samana pan sampun amit | budhal mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagung ingkang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||
118.028 tan kawarna lampahirèng margi | sira Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | praptèng Kartasuresuk | pan wus katur marang narpati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanirèng ngayunan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur punggawa ||
118.029 katur sadaya marang narpati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarwi ngungun | angandika sri narapati | ing Radèn Sindurêja | sanak putunipun | Martapura biratana | ingsun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||
118.030 ya ta Radèn Sindurja wotsari | ngaturakên sakèhing bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur ing [15: 19] sang prabu | dyan apatih tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang punggawa catur | nahan gantya kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng Wukir- | kidul mangkya abăngga ||
90. Panêmbahan Rama ing Kajoran ambaléla
118.031 duk bêdhahe nagarèng Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangiline | wong bang wêtan kèh tumut | padhusunan măncanagari | mantuk marang Kajoran | sêdyanirèng kalbu | sapraptanirèng Kajoran | kapiyarsa saking nagari Matawis | duk Prabu Ing Ngalaga ||
679–680 dari 1.487