Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
118 dari 234
677–678 dari 1.487
6.769–6.778 dari 14.865
118.002 munggwing kursi wadya trap ing wuri | sêsêliran binakta sadaya | langkung pangupasubane | sira Kumêndur Sêlut | wusnya nglarihkên èpbrandhu win | kumêndur alon mojar | peran èstunipun | radèn karsa jêngandika | anauri wau Radèn Sindurja ris | mangke manira undang ||
118.003 maksih kadya rêmbug duk ing wingi | ya ta kumêndur langkung asuka | pan wus andhèr Kumpênine | kang samyandêl ing kewuh | ingkang munggwèng ing kursi dening | watara sapta wêlas | Kumpêni gung-agung | ambanjêng ayun-ayunan | lan sagunge wau kang para dipati | batine ingajangan ||
118.004 radèn apatih sigra anuding | akèn nimbali ing Martapura | kang dinuta nêmbah lèngsèr | asigra lampahipun | sampun praptèng dalêmirèki | Tumênggung Martapura | api-api ngêlu | mukane pan sinêmburan | Martapura sêsarean dèn pijêti | duta prapta angucap ||
118.005 nêdha enggal ngandikan mring loji | Martapura alon saurira | iya anak kayapriye | sun iki lagi ngêlu | mêngko thithik manawa mari | Tumênggung Martapura | ing manah ngaduwung | dene kabèh sanggupira | yèn kênaa tinêbas êmas lan picis | wurunge băndayuda [15: 14: bănda...yuda] ||
118.006 duta nulak wus prapta ing loji | katur lamun Kyai Martapura | lagya angêlu sakite | Radèn Sindurêjèku | jajanira lir wora-wari | ngatirah netranira | kang lathi kumêdut | tansah ginigit kang waja | dyan kumêndur miyat radèn sangêt runtik | ngrêrêpa wuwusira ||
118.007 lah punapa doraning Kumpêni | gèn manira umatur ing nata | miwah ing andika radèn | angkuh piyangkuhipun | Si Tumênggung Martapurèki | liwat dede manuswa | ing satuhunipun | kadi ta dede wong donya | cacakane tuwan radèn kang nimbali | sagêd umatur awad ||
118.008 ingkang jamak saksat sri bupati | kang tumêdhak wontên ing Japara | yèn anggêp kawula radèn | dhatêng tuwan puniku | tan kêkalih lawan narpati | nêdhaki ing kawula | ambanjiri madu | ngêrobi samodra kilang | aprasaksat kawula manggih rêtnadi | sawukir Danaraja ||
118.009 yèn makatên tinimbalan malih | sêngadia Kumpêni nyugata | kasukan mring tuwan radèn | gantya ing besuk-esuk | pan kawula samya dhatêngi | mring wismèng Martapura | kasukan anutug | mèsêm Radèn Sindurêja | angandika marang punggawa kêkalih | hèh kakang Suranata ||
118.010 lawan kakang Binarong dèn aglis | tuwanana ya Si Martapura | kayaparan ing saure | yèn si badane iku | maksih ngaku sipat bupati | poma gawanên enggal | yèn nir sipatipun | kabupatène dèn rujad [15: 15] | angulihi wijile wong bandak malih | lah kakang wasisakna ||
118.011 sira cangkinga murdane aglis | dyan umangkat Kyai Suranata | lan Binarong sawadyane | datan kawarnèng ênu | prapta wismèng Martapurèki | Tumênggung Suranata | asru dènnya muwus | hèh Ki Bagus Martapura | atămpaa timbalane dyan apatih | sira apa manuswa ||
677–678 dari 1.487