Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
121 dari 234
703–704 dari 1.487
7.027–7.036 dari 14.865
121.006 samana wus ingusadan | sapta ratri waluya kadi nguni | umatur ing ramanipun | kawula amit pêjah | sun amuke wong kadipatèn ing dalu | sun anglangi ganjur watang | arêramon pêdhang tamsir ||
121.007 pan kacatur Radèn Sukra | ngingu Bugis pitung dasa kèhnèki | pan kajawi ramanipun | wonge Bugis akathah | Radèn Arya Sindurja ngandikèng sunu | adhuh nyawa putraningwang | trapna mujadahmu gusti ||
121.008 angrasaa yèn kawula | sakarsane linakon yèn kuwawi | sok aja tumêkèng lampus | nadyan silih pêjaha | lamun uga kabênêran dosanipun | wis bubuhaning kawula | tan kêna amilih pati ||
121.009 radèn supe ing batinnya | ing laire maring kang rama ajrih | angunandika ing kalbu | paran margane baya | lan pangeran dipati têpung aluwung | gêntia tumbak-tinumbak | kapan baya gênti kêris [15: 66] ||
95. Radèn Sukra gadhah pangarah dhatêng Radèn Ayu Lêmbah, dèrèng kadumugèn nêmahi tiwas kalih-kalihipun
121.010 Radèn Sukra emut ing tyas | lamun garwanira pangran dipati | gumingsir mring dalêmipun | wontên ing Kapugêran | sun jajale sun sanake garwanipun | mangkana andikanira | iya sun gawene margi ||
121.011 ya ta wau Radèn Sukra | animbali pamomongira kalih | Singananda wastanipun | kang siji Patrawisa | praptèng ngarsa ban kalih binaktèng pungkur | marang dalêm gandhok wetan | êmban kalih dèn bisiki ||
121.012 hèh bapa sira wus wikan | ing wartane radèn ayu dipati | marmane gumingsir iku | ana ing Kapugêran | Sirananda Patrawisa lon umatur | inggih kawula miyarsa | ing warta têtiyang jawi ||
121.013 kawon dening wong pundhutan | saking Onje pinangkaning pawèstri | inginggahkên garwa sampun | marma sang ayu linggar | dene mangke panggenane radèn ayu | maksih ingewan ing rama | dening munggèng langonsari ||
121.014 wingi kawula sêsanjan | pasanakan kawula kang awarti | pun Jamarta wastanipun | tiyang ing Kapugêran | malah sabên sontên nênggih radèn ayu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||
121.015 kados anglêlipur brăngta | sangêt onêng watawis dhatêng laki | agrah kawit sang rêtnayu | ing rama tan sinapa [15: 67] | marmanipun Pangran Pugêr dukèng sunu | pinrih anuntên kondura | mring kadospatèn tumuli ||
703–704 dari 1.487