Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
122 dari 234
719–720 dari 1.487
7.183–7.192 dari 14.865
122.131 Rahadèn Sudira aglis | nyandhak cindhe kang kênanga | ingkang kinarya anglawe | sigra kang raka cinandhak | astane siji sowang | pratmaja samya mêtu luh | ajrih kapêksa ing rama ||
122.132 Radèn Săngka Sudamèki [16: 11] | anyêkêli Tambakbaya | Radèn Dipatarune |[1] lan Radèn Wăngsataruna | agèmèli kang raka | lawan asta kananipun | kang kiwa ngusapi waspa ||
122.133 sang rêtna ngandika aris | riningsun kalumpukêna | Si Săngka Sudama age | kabèh padha dèn apêrak | tingalana sun iya | wêkasane atêtêmu | lan yayi-yayi sadaya ||
122.134 sang rêtna waspadrês mijil | mulat mring ari sadaya | asêrêt pangandikane | wus yayi padha karia | sun amit maring sira | muga-muga raganingsun | antuka marga sampurna ||
122.135 sang rêtna ubut pribadi | sarwi anganglungkên jăngga | cindhe wus tinalèkake | kang kiwa Dyan Ăntawirya | kang narik têngênira | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa siningsêtan ||
122.136 sang rêtna ngandika aris | mêngko yayi sadhela kas | sun ari mêmêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | marang ibu sadaya | mring rama sun amit lampus | tuwin mring pangran dipatya ||
122.137 aturêna sêmbah mami | tuwin kangjêng wa narendra | kang sun suwun apurane | apan kakang mas dipatya | sun dhingin pinaringan | sotya rong kêmbaran iku | yayi sira aturêna ||
122.138 lan rêtna cêpaka yayi | mirah selan nêm kêmbaran | ijo mirut lan widure | iku padha aturêna | lan dhêdhakon salaka | kêcike suwasa luru | rongatus wawrat rong katya ||
122.139 padha aturêna benjing | papan cuki sagagragan | iya sun gawa marene | iku yayi aturêna [16: 12] | cukine saparo mas | ya rong kati bobotipun | ingkang saparo salaka ||
122.140 iya bobote rong kati | cindhe puspita salirang | uwis mung iku duwèke | sinjang lawan kasêmêkan | goningsun gawa dhawak | uwis mara ariningsun | kang rayi samya awaspa ||
719–720 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: Radèn Dipatarunane. (kembali)