Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
122 dari 234
720–721 dari 1.487
7.193–7.202 dari 14.865
122.141 cindhe pan sampun tinarik | sang rêtna ngêningkên tingal | nora samar dêdalane | patitis ing sangkan paran | kêcêp maring kamuksan | pan cumêkik swaranipun | sang rêtnaning dyah wus niba ||
122.142 kagyat sadaya parari | prasamya atêbah jaja | prasamya karuna kabèh | kang layon wus rinarămpa | pinarnah ujurira | nyai Tambakbaya wau | apan sampun pinêjahan ||
122.143 kori winêngakkên aglis | pra ibu prapta sadaya | tuwin inya lan êmbane | miyat layon gilang-gilang | agêpah sinungkêman | swaraning tangis gumuruh | pra putra sowan ing rama ||
122.144 amatur sarwi anangis | sakathahing paratmaja | yèn sampun lalis kakange | jêng pangeran tan ngandika | ya ta kang kawarnaa | wadya kang jawi ing pintu | miyarsa yèn gusti duka ||
122.145 sadaya atata baris | wadyabala Kapugêran | warta wus adoh gumyahe | Pangeran Arya Mataram | sampun miyarsa warta | budhal kang wadya gumuruh | lan Pangran Arya Panular ||
122.146 praptèng Kapugêran sami | nèng lêlurung barisira | pangeran malêbêt age | wus panggih lawan kang raka | gantya kang kawuwusa | pra garwa dandan [16: 13: danda...n] malêbu | atur uninga mring nata ||
122.147 anarka yèn dadi jurit | lawan wadyèng Kasindurjan | sigra-sigra ing lampahe | datan kawarna ing marga | wus praptèng dalêm pura | kawarnaa sang aprabu | pinarak kang prabayasa ||
122.148 kagyat miyat dhatêng ari | sang natalon panapanya | dening dingarèn bok ipe | awan-awan malbèng pura | baya sira dinuta | yayi marang ing lakimu | ari ing Pugêr Dipatya ||
122.149 dyan ayu matur wotsari | ing purwa têkèng wasana | salir solah prakarane | kang raka atur ing nata | kampitèng tyas narendra | atêbah jaja angadhuh | nora kaya ari êmas ||
122.150 lagi tumon mung si adhi | ujare kang paribasan | macan kolu mring anake | sagalakane kang singa | tan kolu mring atmaja | hèh Wilaja dèn agupuh | bocah gandhèk timbalana ||
720–721 dari 1.487