Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
122 dari 234
706–707 dari 1.487
7.055–7.064 dari 14.865
122.003 warnanira tuhu pêkik | nanging dêksura ing tingkah | nora angeman baguse | yèn sira kawênangana | mring kangmas adipatya | pasthi yèn gulumu jabud | wong dêladag nora prênah ||
122.004 Radèn Sukra anauri | baguse măngsa karia | lan pangran dipati anom | wania [15: 70] takêr ludira | nadyan dèn karubuta | sun nêdya akuthah marus | atandhinga ing ayuda ||
122.005 apan sêdya sun langèni | busur lêmbing lan gudebag | ganjure wong kadipatèn | pan sarwi nyamêthi kuda | turăngga nandêr nongklang | kang tinilar kari mangu | gêgêtun ing polahira ||
122.006 mudhun saking banon aglis | sang rêtna alon ngandika | Si Sukra edan anglamong | baya kêna sèpi anyar | owah panduganingwang | apa ika wong akaul | êmbane kalih tur sêmbah ||
122.007 gusti kawula watawis | Radèn Sukra kados kalap | andulu warnayu kaot | dhuh lae sintên-sintêna | mulat marang andika | pasthi pêrkangkang-pêrkungkung | yèn tan pêjah dados edan ||
122.008 mung gusti pangran dipati | anggèr raka jêngandika | tuhu wong anèh nyêrwètèh | andulu wong kadi kilang | têka ewa kêwala | yèn ta sampuna wong agung | kalêbu wong gêgêmblungan ||
122.009 Radèn Sukra kang winarni | apan dèrèng kongsi têbah | cêngkelak wus balik manèh | turangganira anyongklang | prapta maripit bata | tiningalan tan kadulu | kang manglung munggèng lalean ||
122.010 rahadyan wus kondur aglis | sariranira marlupa | amandhêg mangu lampahe | amung kang manglung ing bata | gumantung ing wardaya | cumanthèl anèng ing musuh | wus prapta ing dalêmira ||
122.011 têdhak saking ing turanggi | nulya nibèng pasarean | tanbuh raose manahe | kasabêt [15: 71: kasabê...t] ngasmarasila | datan lyan kang kacipta | amung kusumaning ayu | kang asung lara wigêna ||
122.012 ing wanci wus sirêp janmi | sigra têdhak Radèn Sukra | dhatêng patamanan age | karsa anglêlipur brăngta | nuju tanggal ping sanga | miyêt riyêm ing sitangsu | mênggah ngêsah Radèn Sukra ||
706–707 dari 1.487