Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
123 dari 234
731–732 dari 1.487
7.302–7.311 dari 14.865
123.094 Ki Tumênggung Mangkuyuda | myang Tumênggung Natayuda prajurit | Wirawidigda sumambung | myang Dipati Urawan | para putra Kapugêran wurinipun | Rahadyan Suryakusuma | anitih turăngga putih ||
123.095 kudaran pun Samirana | binusanan rahab baludru abrit | ingkang rayi munggwèng pungkur | Rahadèn Ăntawirya | nitih kuda tapuk ing tal ulêsipun | turăngga ran pun Samăngga | samarga tansah sinirig ||
123.096 ingkang rayi munggwèng wuntat | Radèn Martataruna nitih wajik | pun Siwagni wastanipun | jangjan biru ulêsnya | Radyan Dipataruna nambungi pungkur | anitihi [16: 29: ani...tihi] kuda rêkta | pun Tambang ingkang wêwangi ||
123.097 sira Radèn Wăngsatruna | munggèng wuri citranira apêkik | nitih kuda ulês gêmpung | wastane kang turăngga | pun Gunawan sêmbada lan warnanipun | arahab sangkêlat jingga | palisir diwăngga kuning ||
123.098 ingiring dening kang bala | ari kalih sumambung munggèng wuri | Radèn Săngka Sudamèku | kalih nitih turăngga | Jêng Pangeran Pugêr lumampah nèng pungkur | ginarêbêg wadyabala | wong magêrsari marapit ||
123.099 samya sikêp waos pêthak | nitih kuda pangeran songsong kuning | wadya pasisir nèng pungkur | gumêdêr awurahan | pan ing Kudus sapangilèn ingkang tumut | ginêlak lampahing wadya | wus nyabrang kali Sêmanggi ||
123.100 rêrêb sawetan bangawan | pan sadalu enjing budhal kang baris | ing marga datan winuwus | prapta ing Jagaraga | panganjuring yuda wus praptèng Madiun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lawan Sang Natayudari ||
123.101 sigêgên ingkang lumampah | kawarnaa kang baris Pranaragi | ing warta sampun misuwur | yèn wadyèng Kartasura | pangajênging yuda wus praptèng Madiun | kang dadya manggalaning prang | Pangeran Pugêr prajurit ||
123.102 wong Pasuruan siyaga | pangajênge kalih nambang kang baris | ngabèi lor lawan kidul | kang baris Pranaraga | sigra budhal sawadyanira angumpul | akambu mring kali Tambang | sampun bêdhol ingkang baris ||
123.103 sampun awor lan pangarsa | amalatar wadya amasang [16: 30: ama...sang] baris | gantya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | tur uninga ing kangjêng pangeran gupuh | mantri kêkalih dinuta | sigra matur dhatêng gusti ||
731–732 dari 1.487