Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
123 dari 234
731–732 dari 1.487
7.307–7.316 dari 14.865
123.099 samya sikêp waos pêthak | nitih kuda pangeran songsong kuning | wadya pasisir nèng pungkur | gumêdêr awurahan | pan ing Kudus sapangilèn ingkang tumut | ginêlak lampahing wadya | wus nyabrang kali Sêmanggi ||
123.100 rêrêb sawetan bangawan | pan sadalu enjing budhal kang baris | ing marga datan winuwus | prapta ing Jagaraga | panganjuring yuda wus praptèng Madiun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lawan Sang Natayudari ||
123.101 sigêgên ingkang lumampah | kawarnaa kang baris Pranaragi | ing warta sampun misuwur | yèn wadyèng Kartasura | pangajênging yuda wus praptèng Madiun | kang dadya manggalaning prang | Pangeran Pugêr prajurit ||
123.102 wong Pasuruan siyaga | pangajênge kalih nambang kang baris | ngabèi lor lawan kidul | kang baris Pranaraga | sigra budhal sawadyanira angumpul | akambu mring kali Tambang | sampun bêdhol ingkang baris ||
123.103 sampun awor lan pangarsa | amalatar wadya amasang [16: 30: ama...sang] baris | gantya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | tur uninga ing kangjêng pangeran gupuh | mantri kêkalih dinuta | sigra matur dhatêng gusti ||
123.104 yèn mêngsah sampun malatar | Sang Dipatya Pugêr budhal tumuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun anonjok sêrat | mring ngabèi elor lan ngabèi kidul | ubanggi karya pêpêjah | sampun kêmba ing ajurit ||
123.105 tan kawarna dènnya yuda | kacarita langkung ramening jurit | wadyalit kathah kang lampus | nèng madyaning ranangga | kang sanjata swarane lir gunung rubuh | ngabèi lor wus malaywa | wong Kartasura angusir ||
123.106 kala jênênge Sang Nata | Amangkurat yèn Kumpêni nênagih | sang nata akarya pupuh | aprang lan Surapatya | dadya kewran manahe tuwan kumêndur | datan sagêd anyuwuna | sanggupnya sang sri bupati ||
123.107 ya ta wau kawarnaa | Jêng Pangeran Pugêr nèng Pranaragi | wadyèng Kartasura pênuh | tansah asukan-sukan | datan lami Lêmbu Lêmbăra glis rawuh | prajurit ing Pasêdhahan | atmajanya sri bupati ||
123.108 jêng pangeran sampun wikan | yèn putrane Surapati kang prapti | punggawa ingatag sampun | myang Dipati Urawan | pra dipati pasisir tan wontên kantun | Rahadyan Suryakusuma | ingkang kinarya têtindhih ||
731–732 dari 1.487