Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
123–124 dari 234
733–734 dari 1.487
7.323–7.332 dari 14.865
123.115 kacarita duk samana | ing Samawis maksih petor jagani | pan dèrèng wontên kumêndur | ingkang jagi Samarang | pan Japara anyar jinagi kumêndur | kala jênênge sang nata | Amangkurat Sri Bupati ||
123.116 sagung kapitan bicara | punang sêrat binêkta mring Batawi | mangkana ingkang winuwus | sira sang anarendra | pan [16: 32: pa...n] ing mangke anandhang gêrah sang prabu | putêk tyasira apatya | pêksi angrubung nambêri ||
124. Dhandhanggula
97. Ingkang Sinuhun Amangkurat seda dipun gêntosi putra Pangeran Adipati Anom
124.001 kang anglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan dinuta | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | dhinawuhan timbalan- | nira sang aprabu | pangran ingaturan wikan | lamun gêrah asangêt rakaniraji | sang ari kapitèng[1] tyas ||
124.002 gupuh dènnya ngundhangi wadyalit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | sampun praptèng Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | panggih lan naranata ||
124.003 anungkêmi ing pada narpati | mangênjalinira ring suku sang | mangusapi ing lêbune | sang natalon amuwus | kayaparan lakuniradhi | kang rayi matur nêmbah | raharja pukulun | sang nata malih ngandika | ingsun adhi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan bisa obah ||
124.004 kayaparan karsanira ari | apa ingkang ginawe usada | kalangkung dening sangête | sihing Hyang Kang Mahagung | jêng pangeran matur wotsari | tuwan anarimaa | sihing Hyang kang dhawuh | kang raka alon [16: 33: alo...n] ngandika | adhi êmas lah sira mantuka aglis | kang rayi matur nêmbah ||
124.005 Jêng Pangeran Pugêr sigra mijil | saking pura mantuk dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sira kangjêng sinuhun | wong ningali obahing bumi |[2] sawarsa laminira | dènnya gêrah lumpuh | ing mangke sampun waluya | sri narendra nadar kasukan ing warih | miwah angrampog sima ||
124.006 kacarita sira sri bupati | alêlumban ing sagara yasa | pra garwa umiring kabèh | myang para putra tumut | Dyan Sudira wus kinèn ngambil | bajul kang anèng toya | baya dibya anung | cinandhak ing asta kiwa | sigra ingaturkên ing uwa narpati | suka tyasnya narendra ||
124.007 miwah sagung kang para bupati | kagawokan miyat ing rahadyan | dene langkung digdayane | atanapi sang prabu | nutug gènnya kasukan warih | kondur sri naranata | tumamèng kadhatun | narendra tulus raharja | pra santana kamantyan suka ing galih | gantya kang winursita ||
124.008 grahanira pangeran dipati | saking Onje sampun apêputra | jalu apêkik citrane | lan wontên sêliripun | saking wadya Kambêng mêdali | antara tigang căndra | babare kang sunu | lan garwa Ngonje punika | samya jalu putrane pangran dipati | kang sêpuh winastanan ||
733–734 dari 1.487

 


kampitèng. (kembali)
Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 184). (kembali)