Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
738 dari 1.487
7.371–7.380 dari 14.865
124.047 lan mracayakkên sampeyan gusti | lamun arsa madêga narendra | jêng pangeran andikane | yèn sun wus madêg ratu | apracaya luwih abêcik | ing mangkya ngong tan arsa | yèn asunga wêruh | lah uwis sira mêtua | lan sakèhe pra niyaka aja mulih | mung arsa kêkampuhan ||
124.048 Ki Sumabrata tur sêmbah mijil | sawijilira Ki Sumabrata [16: 42] | Ki Wiraguna nulyage | ingandikan mring ngayun- | nira kangjêng pangran dipati | sapraptanirèng ngarsa | Wiraguna matur | yèn suwawi jêng pangeran | angrasuka wasiyat Kiyai Gundhil | pratăndha madêg nata ||
124.049 jêng pangeran angandika aris | iya bênêr iku aturira | lah iya ingsun ênggone | sigra wau rinasuk | nanging pangran datan kawawi | dahat datan anongga | ing pangrasukipun | malah kongsi ngambil toya | toya wulu ambal kaping pitu nênggih | maksih datan kawawa ||
124.050 malah gumêtêr sariranèki | saha karingêt mêdal lir siram | ya ta pangran andikane | mring Ki Wiragunèku | kayaparan karêpirèki | Wiraguna rèhira | Wiraguna matur | kawula anuwun duka | datan sagêd kawula munjuk ing gusti | sumăngga ingkang karsa ||
124.051 Wiraguna dahat gêlèng ati | sang paksaraja aris ngandika | ora dadi pikir manèh | măngsa wurunga iku | iya dening prakara iki | lah wa sira mêtua | mêpêka wong ingsun | ing jro kabèh undhangana | asiyaga pêpak anèng păncaniti | pan ingsun miyos agya ||
124.052 Ki Wiraguna nêmbah wus mijil | rajaputra sampun asiyaga | wong kaparak pêpak kabèh | wus tata ênggènipun | tan kaliru prênahirèki | miwah para santana | tanapi tumênggung | dipati măncanagara | pêpak andhèr miwah punggawèng pasisir | jêjêl nèng panangkilan [16: 43: panang...kilan] ||
124.053 Pangeran Sarip pan sampun prapti | miwah sagung kang para ngulama | ki pangulu myang kêtibe | wong dalêm kinon kumpul | ratu kulon gya angundhangi | sagunging kang ampilan | pan sampun angumpul | rajaputra sigra mêdal | Pangran Pugêr amêthuk anèng sitinggil | wus cundhuk lan kang putra ||
124.054 munggèng bangsal witana alinggih | pangran dipatya matur ing paman | kawularsa madêg rajèng | idinta amba suwun | ingkang paman umatur aris | anggèr sumanggèng karsa | kawula jumurung | saksana sarêng tumêdhak | saking sitiluhur dhatêng păncaniti | rajaputra wus lênggah ||
124.055 Pangran Pugêr jumênêng nèng wuri | angandika asru marang wadya | hèh wong Kartasura kabèh | myang măncanagarèku | atanapi wadyèng pasisir | lah padha èstrènana | mangkya sutèng ulun | sun junjung madêg narendra | anggêntyani marang kakang mas kang swargi | jumênêng Kartasura ||
124.056 sakathahe kang para dipati | pasisir lawan măncanagara | ramya angèstrèni kabèh | tatar wihang ing kayun | pan jumurung kasraning gusti | dyan sira Sumabrata | dènnya nêntak asru | hèh andika pindho karya | aywa kudu adêgna apan wus dadi | pangeran adipatya ||
738 dari 1.487