Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
738–739 dari 1.487
7.377–7.386 dari 14.865
124.053 Pangeran Sarip pan sampun prapti | miwah sagung kang para ngulama | ki pangulu myang kêtibe | wong dalêm kinon kumpul | ratu kulon gya angundhangi | sagunging kang ampilan | pan sampun angumpul | rajaputra sigra mêdal | Pangran Pugêr amêthuk anèng sitinggil | wus cundhuk lan kang putra ||
124.054 munggèng bangsal witana alinggih | pangran dipatya matur ing paman | kawularsa madêg rajèng | idinta amba suwun | ingkang paman umatur aris | anggèr sumanggèng karsa | kawula jumurung | saksana sarêng tumêdhak | saking sitiluhur dhatêng păncaniti | rajaputra wus lênggah ||
124.055 Pangran Pugêr jumênêng nèng wuri | angandika asru marang wadya | hèh wong Kartasura kabèh | myang măncanagarèku | atanapi wadyèng pasisir | lah padha èstrènana | mangkya sutèng ulun | sun junjung madêg narendra | anggêntyani marang kakang mas kang swargi | jumênêng Kartasura ||
124.056 sakathahe kang para dipati | pasisir lawan măncanagara | ramya angèstrèni kabèh | tatar wihang ing kayun | pan jumurung kasraning gusti | dyan sira Sumabrata | dènnya nêntak asru | hèh andika pindho karya | aywa kudu adêgna apan wus dadi | pangeran adipatya ||
124.057 apan wus madêg nata pribadi | Pangran Pugêr langkung dènnya merang | tanpa muka ing èsthine | sadalêming tyas muwus | adipati ing Surawèsthi | langkung dening bramatya [16: 44: brama...tya] | asugal ing wuwus | hèh Apatih Sumabrata | ujarira kaya ta dudu pêpatih | pindho rarywangon kita ||
124.058 adipati ing Sampang nambungi | ngling wus adate nagri Mataram | ulun mirsa wirayate | lamun seda sang prabu | wêka nata gumantya aji | santana kang panuwa | kang anjunjung ratu | Ki Tumênggung Sumabrata | lara tyase marang ing punggawa kalih | anging datan ngandika ||
124.059 kang umiyat samya marmèng ati | Sumabrata dyan mangsah manêmbah | ing pada sang prabu anèm | gantya para tumênggung | pan sadaya samya ngabêkti | tuwin măncanagara | samya ngaras suku | miwah Adipati Sampang | Surabaya agantya pangeran katri | prasamya sêsalaman ||
124.060 sigra jêngkar kangjêng sri bupati | ginarêbêg ing para biyada | sri tinon upacarane | wus praptèng jro kadhatun | sakathahe wong dalêm puri | samya mêthuk sadaya | asri yèn dinulu | sang nata lajêng pinarak | prabayasa ratu kulon dèn aturi | lajêng ngujung sang nata ||
124.061 ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhana | timbalaningsun dèn age | ing Si Sumabratèku | sakathahe para dipati | padha makajangana | yèn wus pitung dalu | sidêkahe kangjêng rama | pra punggawa muliha wismanirèki | kang kinon awotsêkar ||
124.062 tan kawarna polahirèng nguni | pra wadana samya makajangan | datan mantuk mring wismane | myang Patih [16: 45: Pa...tih] Soda sampun | pan jinunjung lungguhirèki | wus kinarya wadana | sinungan jêjuluk | Ki Arya Mandurarêja | madanani priyayi mantri panumping | lawan Ki Pusparaga ||
738–739 dari 1.487