Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
743–744 dari 1.487
7.427–7.436 dari 14.865
124.103 punang tênung miyat ing sang aji | nulya têdhak saking madyantara | anjanggêlêg ing ngarsane | sang nata ebat dulu | amêngkarag sariranèki | dharêdhêg dènya tanya | wong apa sirèku | sang nata emut ing driya | pangrasane juru taman ingkang prapti | mari mangkaragira ||
124.104 angakua sira sun takoni | apa sira ya si juru taman | dene kaliwat gêdhene | punang tênung sumaur | dudu juru taman sun iki | ingsun tênung Walănda | sapa dadi ratu | iya nèng nagara Jawa | baya sira susunan gugup nauri | mangkarag sariranya ||
124.105 dudu ingsun kang madêg narpati | apan iya pêrnah paman ingwang | ngalora kana ênggone | yèku kang madêg ratu | Kapugêran kadhatonnèki | punang [16: 54: pu...nang] tênung gya mêsat | ngalor paranipun | apan nyiluman lampahnya | jêng susunan samana lêga ing galih | marase sampun ilang ||
124.106 punang tênung samana wus prapti | Kapugêran anjujug ing natar | anuju natar panêpèn | pangran nuju têturuh | apan kagyat duk aningali | ing janma tanpa kaprah | anggraitèng kalbu | narka yèn dudu manungsa | Jêng Pangeran Pugêr matak sêpi[1] angin | tênung wus pinanggihan ||
124.107 sira iki setan apa êjim | dene gêdhene kagila-gila | punang tênung lon saure | pan ingsun iki tênung | êndi ingkang dadi narpati | pangeran angandika | takon ratuningsun | iya apa sêdyanira | ing kadhaton ênggone narendra mami | punang tênung sru ngucap ||
124.108 ingsun mau saka ing jro puri | ana kang wong manggihi maringwang | bagus tur kuning warnane | atutur marang ingsun | yèn ratune ana ing ngriki | apan kaprênah paman | maring kang atutur | pangeran mèsêm ngandika | insaallah iyèngsun kang madêg aji | amêngku nuswa Jawa ||
124.109 apa sêdyanira praptèng ngriki | punang tênung asru saurira | sêdyaningsun praptèng kene | pan ana kang ingutus | tandhing sêkti lan ratu Jawi | yèn wus ratune kalah | palastra deningsun | pan tumpês jagad sadaya | rewang ingsun kang padha sun kon nêluhi | kabèh wong nusa Jawa ||
124.110 jêng pangeran mèsêm ngandikaris | alah payo sira têkakêna | lêlêmbut asudi [16: 55] gawe | sigra pangeran wau | wus anyipta rasaning tunggil | gusti lawan kawula | anunggil sawujud | sigra pinandêng ing tingal | punang tênung ngalumpruk sarira cilik | arupa rare bajang ||
124.111 pan gumêtêr matanya macicil | kajuwat-kajuwit tanpa ngucap | pangran alon timbalane | wis kalah sira iku | lah lungaa sira dèn aglis | têka ing tanah Jawa | aja gawe rêtu | yèn sira nora lungaa | apa nganti sira dadi wrêjit cacing | dadi gadibal ingwang ||
124.112 sira lungaa mangalor aglis | gunung Kêndhêng sira marganana | muliha mring sabrang manèh | ja sira ganggu-ganggu | ing dêdalan marang wong cilik | pan kabèh duwèk ingwang | ing tanah Jawèku | kang tênung sigra umêsat | saha tobat gunung Kêndhêng dèn margani | kathah wong kêna rumab ||
743–744 dari 1.487

 


sèpi. (kembali)