Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
744–745 dari 1.487
7.432–7.441 dari 14.865
124.108 ingsun mau saka ing jro puri | ana kang wong manggihi maringwang | bagus tur kuning warnane | atutur marang ingsun | yèn ratune ana ing ngriki | apan kaprênah paman | maring kang atutur | pangeran mèsêm ngandika | insaallah iyèngsun kang madêg aji | amêngku nuswa Jawa ||
124.109 apa sêdyanira praptèng ngriki | punang tênung asru saurira | sêdyaningsun praptèng kene | pan ana kang ingutus | tandhing sêkti lan ratu Jawi | yèn wus ratune kalah | palastra deningsun | pan tumpês jagad sadaya | rewang ingsun kang padha sun kon nêluhi | kabèh wong nusa Jawa ||
124.110 jêng pangeran mèsêm ngandikaris | alah payo sira têkakêna | lêlêmbut asudi [16: 55] gawe | sigra pangeran wau | wus anyipta rasaning tunggil | gusti lawan kawula | anunggil sawujud | sigra pinandêng ing tingal | punang tênung ngalumpruk sarira cilik | arupa rare bajang ||
124.111 pan gumêtêr matanya macicil | kajuwat-kajuwit tanpa ngucap | pangran alon timbalane | wis kalah sira iku | lah lungaa sira dèn aglis | têka ing tanah Jawa | aja gawe rêtu | yèn sira nora lungaa | apa nganti sira dadi wrêjit cacing | dadi gadibal ingwang ||
124.112 sira lungaa mangalor aglis | gunung Kêndhêng sira marganana | muliha mring sabrang manèh | ja sira ganggu-ganggu | ing dêdalan marang wong cilik | pan kabèh duwèk ingwang | ing tanah Jawèku | kang tênung sigra umêsat | saha tobat gunung Kêndhêng dèn margani | kathah wong kêna rumab ||
124.113 pangran minggah ing panêpèn malih | kawarnaa wau sri narendra | samana tatas rinane | nimbali patihipun | Sumabrata wus praptèng puri | cundhuk sahatur sêmbah | mangusapi lêbu | ing suku sang naradipa | sri narendra pangandikanira manis | hèh Patih Sumabrata ||
124.114 utusana amariksa aglis | mring dalême paman Kapugêran | alakua sandi bae | manawa gêrah iku | lan orane karuhna aglis | manêmbah Sumabrata | mêdal sigra ngutus | anukma mring Kapugêran | tan adangu kang ingutus sampun prapti | katur ing sri narendra ||
124.115 lamun ingkang paman tan asakit | datan owah lawan saban-saban [16: 56: sa...ban-saban] | sang nata mèsêm jro tyase | ya ta ingkang winuwus | Ki Tumênggung Dêmak ngêmasi | wus katur sri narendra | tri atmajanipun | Mas Malad ingkang atuwa | Ki Mas Amad punika panênggaknèki | kang anom Bagus Katam ||
124.116 tiga pisan ginêntoskên sami | nagri Dêmak apan pinartiga | ingkang sêpuh wêwangine | iya nama Tumênggung | Suranata ingkang gêntosi | kang anom ingaranan | Padmanagarèku | kang wruju Martanagara | lawan wontên têtilare Radèn Patih | Dyan Arya Sindurêja ||
124.117 namanira Ki Mas Bagus Gêrit | nênggih arinira Radèn Sukra | sampun jinunjung lungguhe | sinung aran tumênggung | Ki Tumênggung Sindurêjèki | wau putraning nata | nênggih ingkang sêpuh | Pangran Buminata seda | putra kalih panênggak lan Radèn Alit | samya sinungan nama ||
744–745 dari 1.487