Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
734–735 dari 1.487
7.335–7.344 dari 14.865
124.011 putra èstri Radèn Ajêng Sasi | duk samana apan wus diwasa | cinatur urute bae | putra katiga jalu | sampun sami dipun sunati | dene putra wanodya | sarêng tugêl kuncung | mantri roro rasa tunggal |[1] sangkalane putra tiga dèn supiti | lan tugêl kuncung ika ||
124.012 wontên ingkang kawarnaa malih | putra èstri saking Kapugêran | kalawan kaponakane | Dyan Ayu Pugêr iku | Ratu Êmas ingkang gadhuhi | kang sawiji ngaranan | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun punika | pan pinacang kalawan pangran dipati | karsanya sri narendra ||
124.013 ingkang wayah kangjêng sri bupati | Rahadèn Mas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan dalêm gêdhe | sakilèn sitiluhur | apan sampun sinung wêwangi | Pangeran Buminata | nênggih namanipun | kang kalih taksih wêwujang | Rahadèn Mas Panênggak dalêmirèki | sakilèn ingkang rama ||
124.014 Radèn Ayu Kadhaton winarni | pinanggihkên lawan kaponakan- | nira Ratu [16: 35: Ra...tu] Kancanane | nênggih jêjulukipun | Dyan Kusumaningrat anènggih | putraning Mangunrana | tinariman wau | Rahadyan Ayu Kadhatyan | dalêmira ginandhok kiduling puri | samana sinêngkalan ||
124.015 warna bujăngga angrasa wani |[2] tunggil warsa lan pangran dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | ing karsane sri narapati | pan Radèn Ayu Rara | gantyani krangulu | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | dahat marma nata yèn putra tan panggih | lan putri Kapugêran ||
124.016 sampun amangun rêsmi tilam mrik | Radèn Ayu Impun lan kang raka | Jêng Pangran Dipati Anèm | winawèng ing jinêmrum | tan winarna kang anggung rêsmi | pangeran adipatya | ganti kang winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari pan ingambil | sunu mring ingkang uwa ||
124.017 sasedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr kang angambil putra | pan kêkalih sadhèrèke | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta samana | kesah saking nagara mring Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||
124.018 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng daganing swargi | pan katur ing sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||
124.019 sampun [16: 36: sampu...n] budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun praptèng nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi Tumênggung Têgil | dinukan ing narendra | Radèn Punta sampun | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal ||
124.020 Radèn Punta manahira gampil | kêmologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ngapus lampahe | Rahadèn Punta gupuh | dennya têdhak dhatêng nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra ||
734–735 dari 1.487

 


Tanggal: mantri roro rasa tunggal (AJ 1623). Tahun AJ 1623 jatuh antara tanggal Masehi: 29 Juni 1699 sampai dengan 18 Juni 1700. Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 186). (kembali)
Tanggal: warna bujăngga angrasa wani (AJ 1684). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Kata "bujăngga" secara umum berwatak bilangan delepan (8), tetapi seharusnya diartikan angka dua (2) dalam sangkala ini, sesuai dengan urutan tahun naskah ini dan konteksnya. Mungkin, kata "bujăngga" dimaknai oleh penulis dari kata "buja + angga": buja berarti bahu, nama măngsa kedua, tangan dan lain-lainnya, yang berwatak bilangan dua (2). Lihat juga: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.1); warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). (kembali)