Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
745–746 dari 1.487
7.446–7.455 dari 14.865
124.122 kula bibi sampun tigang latri | sakit ngêlu bibi dèrèng waras | kula bibi ngalang gawe | dika gêcêl dèn gupuh | Radèn Ayu ing Pakuwati | anggraita jroning tyas | mingsêr lungguhipun | dyan manêmbah arsa mêdal | sri narendra nyandhak astanira aglis | pan sarya angrêrêpa ||
124.123 tan cinatur solahing karêsmin | ambal-ambalan kongsi ping tiga | nanging sang rêtna yêktine | asangêt lumuhipun | watêk èstri anèng jro puri | winisesèng narendra | datan kêna lumuh | ngêrika kadi rasêksa | yèn pawèstri pinarsudi priya ngukih | kaping kalihe nata ||
124.124 mangkana mila kenging sarêsmi | sang dyah kongsi kagême ping tiga | ing lingsir kilèn wiwite | apan ta malah surup | sang kusuma pan sampun mijil | saking gupit Jungutan | sang dyah lajêng mantuk | wus prapta ing Kasampangan | jêng pangeran lagya ngucêl-ucêl pêksi | kagyat [16: 58: kagya...t] kang garwa prapta ||
124.125 puyuh sampun kinurungan aglis | sira ingaras wau kang garwa | nulya inginggatan age | pangran awas ing ambu | yèn garwane kacidrèng rêsmi | asru dènnya ngandika | babo mirah ingsun | pagene sira culika | sang dyah ayu tumungkul sarya sru nangis | ature pêgat-pêgat ||
124.126 lamun winisesa ing narpati | iya pira kuwating wanodya | pangran umadêg krodhane | dadya ngandika asru | wis dilalah rêngkaning bumi | jagat kudu ruhara | panjênêngan ratu | mundur kaya ewan-ewan | durung pira wêwulange kang sawargi | ilang tan katabêtan ||
124.127 wadya dulangmangap dèn dhawuhi | kalih èwu prajurit Madura | kajawi para mantrine | samya prakosèng pupuh | para lurah kang prapta dhingin | karsanira pangeran | ngrabasèng mangamuk | angrurah isining pura | dangu-dangu pangeran ngrasa yèn abdi | lilih ing krodhanira ||
124.128 Ki Tumênggung Surabaya aglis | ingaturan ing Pangeran Sampang | sigra prapta tan asuwe | sigra Surabayèku | duk samana arsa pinalih | nanging dèrèng kalakwan | dènira sang prabu | Dipati Sampang ngandika | alah kakang Surabaya ing lwir iki | sun arsa malih tingal ||
124.129 dening corah bawaning narpati | payo kakang marang Kapugêran | seba jêng pangeran age | iku patut kang mêngku | ing rat Jawa alus ing budi | asih kula jatmika | ing dasih satuhu | punggawa kalih lumampah | sampun prapta Kapugêran [16: 59: Ka...pugêran] sang dipati | malih wus ingacaran ||
124.130 pinanggihan ing panêpèn sami | Jêng Pangeran Pugêr sru ngandika | adhi êmas kadingarèn | pinarêk dalu-dalu | baya ana karsane sami | nêmbah Dipati Sampang | matur sarwi muwun | dhuh anggèr lampah kawula | yèn kenginga paduka ngrêbat nagari | sampeyan madêg nata ||
124.131 kang dadosa manggalaning jurit | inggih kawula lawan pun kakang | ing Surabaya wiyose | angrurah satru mungsuh | lumaksana anglêbur aglis | yèn ta wontên pangaja | paduka pukulun | samangke amba lumampah | ngobrak-abrik angêjur sajroning puri | lan kakang Surabaya ||
745–746 dari 1.487