Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
746 dari 1.487
7.451–7.460 dari 14.865
124.127 wadya dulangmangap dèn dhawuhi | kalih èwu prajurit Madura | kajawi para mantrine | samya prakosèng pupuh | para lurah kang prapta dhingin | karsanira pangeran | ngrabasèng mangamuk | angrurah isining pura | dangu-dangu pangeran ngrasa yèn abdi | lilih ing krodhanira ||
124.128 Ki Tumênggung Surabaya aglis | ingaturan ing Pangeran Sampang | sigra prapta tan asuwe | sigra Surabayèku | duk samana arsa pinalih | nanging dèrèng kalakwan | dènira sang prabu | Dipati Sampang ngandika | alah kakang Surabaya ing lwir iki | sun arsa malih tingal ||
124.129 dening corah bawaning narpati | payo kakang marang Kapugêran | seba jêng pangeran age | iku patut kang mêngku | ing rat Jawa alus ing budi | asih kula jatmika | ing dasih satuhu | punggawa kalih lumampah | sampun prapta Kapugêran [16: 59: Ka...pugêran] sang dipati | malih wus ingacaran ||
124.130 pinanggihan ing panêpèn sami | Jêng Pangeran Pugêr sru ngandika | adhi êmas kadingarèn | pinarêk dalu-dalu | baya ana karsane sami | nêmbah Dipati Sampang | matur sarwi muwun | dhuh anggèr lampah kawula | yèn kenginga paduka ngrêbat nagari | sampeyan madêg nata ||
124.131 kang dadosa manggalaning jurit | inggih kawula lawan pun kakang | ing Surabaya wiyose | angrurah satru mungsuh | lumaksana anglêbur aglis | yèn ta wontên pangaja | paduka pukulun | samangke amba lumampah | ngobrak-abrik angêjur sajroning puri | lan kakang Surabaya ||
124.132 Pangran Pugêr gumujêng saryangling | adhi êmas iya kang ra-ora | adhi sira ucapake | duraka kang tinêmu | ing wong wani-wani narpati | ratu apan minăngka | waranèng Hyang Agung | manira adhi tan nêdya | angêndhiha karatone sri bupati | sêdya momong kewala ||
124.133 Adipati Sampang manganjali | inggih lamun sang nata nulusna | rakanta swargi wêlinge | dhatêng sutèng pukulun | tan winênang nyakitkên galih | inggih dhatêng sampeyan | tuwin kawulèku | ing mangke asiya-siya | ing sampeyan punapa malih wak mami | inggih cinalunthangan ||
124.134 tuwin dhatêng kakang Surawèsthi | inggih Surapringgarsa pinindhah | mila anggèr wus sêdhênge | sampeyan malês ukum | sapa ingkang wiwit ngalani | pasthi winalês ala | mirangakên iku | pasthine winalês [16: 60: winalê...s] wirang | pan paduka gusti botên amiwiti | angantukkên kewala ||
124.135 pangran langkung putêk jroning galih | ginubêl dening Dipati Sampang | ing Surabaya wus dene | kêdah ngadêgkên ratu | dadya giwang pangran ing galih | alon dènnya ngandika | kundura karuhun | ing besuk dhimas balia | sun pikire iya ing sawêngi mangkin | sigra Dipati Sampang ||
124.136 lawan Adipati Surawèsthi | sarêng nêmbah lèngsèr saking ngarsa | wus mêdal saking pintune | gantya ingkang winuwus | nênggih pan nagari Samawis | Răngga Yudanagara | susah manahipun | dosa marang sri narendra | lan malihe wontên têtiyang Samawis | aran Ki Pusparaga ||
746 dari 1.487