Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124–125 dari 234
748 dari 1.487
7.471–7.480 dari 14.865
124.147 ya ta wau kang lagya hêm kawis | atur sêmbah Adipati Sampang | lamun makatên dadose | ing ngarsa jêng pukulun | pundi ingkang kinarya wiwit | pangran alon ngandika | dhimas karsaningsun | sun palungguh anèng Dêmak | wong Kumpêni tulung bêcik ora bêcik | sok ingsun pracayaa ||
124.148 matur Adipati Surawèsthi | inggih lêrês ing karsa paduka | jagat ingingêran malèh | Pangeran Sampang matur | yèn makatên amba rumiyin | mantuk dhatêng Madura | siyaga wadyagung | pun kakang ing Surabaya | ngantunana sampun ngantos ngatawisi | wus dadya rêmbagira ||
124.149 para lurah Kapugêran sami | kang linilan ngadhêp [16: 63: nga...dhêp] dènnya rêmbag | silèng ngandhap ing gustine | sadaya sukèng kalbu | sigra mundur dipati kalih | saking ngarsa pangeran | lampahira rawuh | dalême ing Kasampangan | enjingane pangeran akarsa pamit | mring Patih Sumabrata ||
124.150 lumampah wau sang adipati | marang dalême Ki Sumabrata | ingiring dening balane | tan adangu wus rawuh | ing dalême rêkyana patih | kagyat Ki Sumabrata | sigra dènnya mêthuk | tundhuk munggèng paregolan | ingacaran pangran astane kinanthi | marang rêkyana patya ||
124.151 sasampunira tata alinggih | angandika Dipati Madura | ingsun iki adhi patèh | pamitna ing sang prabu | manirarsa tilik nagari | alama tan uninga | dungkap kalih taun | ingsun arsa angujunga | mring astana ki apatih anauri | inggih suwawi sowan ||
124.152 ya ta sarêng budhal lan apatih | tan adangu prapta ing paseban | jujug srimanganti bae | sampun awêling atur | wau sira rêkyana patih | katur marang narendra | ingandikan sampun | ki apatih lan pangeran | sampun prapta ngarsanira pri[1] bupati | sri narendra kasmaran ||
125. Asmaradana
125.001 sang nata ngandika aris | paman dèn kaparèng ngarsa | kang kinèn atur sêmbahe | naradipati ngandika | baya ta wontên karya | dene paman arsa mantuk | dhatêng ing Sampang nagara ||
125.002 Pangeran Sampang turnyaris | pukulun [16: 64: pukulu...n] tan wontên karya | alami patikbra mangke | datan ngujung mring astana | sang nata angandika | inggih paman dika mantuk | nanging ta sampun alama ||
125.003 sri narendra tan andugi | lamun Pangeran Madura | amalih tingal karsane | sigra pinaring busana | atanapi ardana | Pangeran Sampang wotsantun | sampun mêdal saking pura ||
125.004 wus budhal sawadyanèki | miwah para garwanira | pan samya binêkta kabèh | samarga tansah prayitna | wadyabalèng Madura | uningèng yèn gustinipun | undure angêmu duka ||
748 dari 1.487

 


sri. (kembali)