Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
734–735 dari 1.487
7.339–7.348 dari 14.865
124.015 warna bujăngga angrasa wani |[1] tunggil warsa lan pangran dipatya | pinêksèng rama panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | ing karsane sri narapati | pan Radèn Ayu Rara | gantyani krangulu | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | dahat marma nata yèn putra tan panggih | lan putri Kapugêran ||
124.016 sampun amangun rêsmi tilam mrik | Radèn Ayu Impun lan kang raka | Jêng Pangran Dipati Anèm | winawèng ing jinêmrum | tan winarna kang anggung rêsmi | pangeran adipatya | ganti kang winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari pan ingambil | sunu mring ingkang uwa ||
124.017 sasedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr kang angambil putra | pan kêkalih sadhèrèke | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta samana | kesah saking nagara mring Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||
124.018 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng daganing swargi | pan katur ing sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||
124.019 sampun [16: 36: sampu...n] budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun praptèng nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi Tumênggung Têgil | dinukan ing narendra | Radèn Punta sampun | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal ||
124.020 Radèn Punta manahira gampil | kêmologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ngapus lampahe | Rahadèn Punta gupuh | dennya têdhak dhatêng nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra ||
124.021 Radèn Punta sampun angêmasi | anèng têgal katur sri narendra | kalangkung suka ing tyase | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèt abrangti | anèng daganing eyang | marma sukèng kalbu | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | sedane Radèn Punta ||
124.022 ya ta ing antara ganti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata langkung ngungun | ing pêjahe radèn apatih | binêkta parimana | gènira kinubur | samana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kalih ngrasa tunggil |[2] warnanên sri narendra ||
124.023 ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabalagung | kang gêntosi nayakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni [16: 37: anggêntè...ni] Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
124.024 pan minăngka pêpatih jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wêwênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunging wadya | punggawa gung-agung | dadya Rêkya Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | atur wikan pangeran ||
734–735 dari 1.487

 


Tanggal: warna bujăngga angrasa wani (AJ 1684). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Kata "bujăngga" secara umum berwatak bilangan delepan (8), tetapi seharusnya diartikan angka dua (2) dalam sangkala ini, sesuai dengan urutan tahun naskah ini dan konteksnya. Mungkin, kata "bujăngga" dimaknai oleh penulis dari kata "buja + angga": buja berarti bahu, nama măngsa kedua, tangan dan lain-lainnya, yang berwatak bilangan dua (2). Lihat juga: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.1); warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). (kembali)
Tanggal: buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Tahun wafatnya Raden Arya Sindureja, patih Kartasura yang digantikan oleh Kyai Sumabrata (Tumenggung Wiraguna). Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 188). (kembali)