Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
735–736 dari 1.487
7.342–7.351 dari 14.865
124.018 kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr wus miyarsa | tinimbalan mring uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng daganing swargi | pan katur ing sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanagara ing Têgil | kang kinèn nguwisana ||
124.019 sampun [16: 36: sampu...n] budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun praptèng nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi Tumênggung Têgil | dinukan ing narendra | Radèn Punta sampun | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên narpati | dening Tumênggung Têgal ||
124.020 Radèn Punta manahira gampil | kêmologên jinunjung narendra | tan wruh yèn ngapus lampahe | Rahadèn Punta gupuh | dennya têdhak dhatêng nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsaning narendra ||
124.021 Radèn Punta sampun angêmasi | anèng têgal katur sri narendra | kalangkung suka ing tyase | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèt abrangti | anèng daganing eyang | marma sukèng kalbu | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat nênggih | sedane Radèn Punta ||
124.022 ya ta ing antara ganti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | sang nata langkung ngungun | ing pêjahe radèn apatih | binêkta parimana | gènira kinubur | samana pan sinêngkalan | ing pêjahe buta kalih ngrasa tunggil |[1] warnanên sri narendra ||
124.023 ingkang arsa jinunjung pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabalagung | kang gêntosi nayakèng puri | Ki Ănggasuranata | wus jinunjung lungguh | anggêntèni [16: 37: anggêntè...ni] Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
124.024 pan minăngka pêpatih jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wêwênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunging wadya | punggawa gung-agung | dadya Rêkya Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | atur wikan pangeran ||
124.025 pan antara ing sawarsa malih | Ki Dipati Urawan pralina | apan tan ana sutane | ampase pinartêlu | kang saduman Wirarêjèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawani Suranata | wus jinunjung lungguhe dening narpati | saha sinungan aran ||
124.026 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman ampas kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putranirèki | pangeran adipatya | prapta ing kadhatun | manêmbah mangaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa putraningwang ||
124.027 dèn abêcik gonira akrami | lawan arinira Kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | ana karsèng Hyang Agung | pamintèngsun sawuri mami | mring Hyang Kang Maha Mulya | aywa kongsi kuwur | ing panjênêngira nata | lêstaria aywana kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
735–736 dari 1.487

 


Tanggal: buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Tahun wafatnya Raden Arya Sindureja, patih Kartasura yang digantikan oleh Kyai Sumabrata (Tumenggung Wiraguna). Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 188). (kembali)