Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
124 dari 234
736 dari 1.487
7.351–7.360 dari 14.865
124.027 dèn abêcik gonira akrami | lawan arinira Kapugêran | ingsun iki kaya êmèh | ana karsèng Hyang Agung | pamintèngsun sawuri mami | mring Hyang Kang Maha Mulya | aywa kongsi kuwur | ing panjênêngira nata | lêstaria aywana kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
124.028 poma sutèng ulun ki dipati | pamanira ari Kapugêran | myang Adipati Sampange | kulanana satuhu | myang dipati ing Surawèsthi | hèh kaki wruhanira | katri punggawèku | minăngka lajêring kutha | pan prasasat [16: 38: pra...sasat] iku srayaning ajurit | dadya kukuh prajanta ||
124.029 ingsun iki liwat mutawatir | atilar kaprabon marang sira | durung pracaya jatine | marmèngsun mandhêg mangu | sira kaki aywa ngowahi | ing salir tingkah ingwang | poma wêkas ingsun | rêpit prakaraning praja | akèh lire ratu minăngka dutaning | kalipahing Hyang Suksma ||
124.030 ingkang putra pinardi smu tangis | panarkanya yèn nata mèh lina | kalangkung maras manahe | adrês wijiling êluh | rajaputra anulya mijil | wus praptèng dalêmira | sira sang abagus | ya ta ing alama-lama | ganti warsa asangêt gêrah narpati | tan kêna ingusadan ||
124.031 nanging kala gêrahing narpati | ingkang tansah rumêksa ing pura | datan lyan amung putrane | atêngga ramanipun | iya amung pangran dipati | tansah munggwing ing dagan | samana sang prabu | angandika mring kang putra | sira pangran dipati winêling-wêling | mangkana andikannya ||
124.032 hèh kaki dipatyanom sirèki | iya ing sapungkur ingsun benjang | mung sira dèn bisa anggèr | angalap ing tyasipun | pamanira iya si adhi | êmas ing Kapugêran | aywa sira gupuh | wani jumênêng narendra | yèn ta nora ana lilane sayêkti | pamanira yayi mas ||
124.033 lawan sira amintaa kang sih | mring pamanira ing Kapugêran | sira jaluka rêmbuge | poma sira dèn tuhu | aminta sih pamanirèki | iku wêwêkas ingwang | mring siranak ingsun | poma [16: 39] sira èstokêna | lamun sira tan ngèstokkên wêkas mami | nora salamêt sira ||
124.034 ri wusira mêmêling sang aji | anglayadi sangêt gêrahira | mèh tumêkèng antakane | ngajêngkên wapadipun | sampun supe saking ing aksi | ya ta pangran dipatya | samana winuwus | anyandhak dhuwung wasiyat | ingkang munggwing kulon uloning narpati | kang nama Kya Balabar ||
124.035 kagyat gya wungu sri narapati | miyat ing putra sarwi ngandika | èsmu duka ing jro tyase | hèh mangkono polahmu | iya Sena dene abêcik | aja salamêt sira | saanak putumu | tan antara lajêng wapad | sri narendra paran dipati nungkuli | lênggah kapering ngandhap ||
124.036 apan sampun karsaning Hyang Luwih | gêrahira tan kêna ngusadan | kacarita duk sedane | dintên Kaliwon Sabtu | nuju sasi Jumadilakir | wayahe sirêp janma | tanggal tiga likur | taun Alip pan ingetang | sangkalane ardi kalih rasa tunggil |[1] otêr wong Kartasura ||
736 dari 1.487

 


Tanggal: Sabtu Kaliwon tiga likur (23) Jumadilakir Alip: ardi kalih rasa tunggil (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sabtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Tahun wafatnya Amangkurat II, Susuhunan Mataram dan Kartasura (bertakhta 1677–1703). Lihat juga: BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 190); dan BTJ Meinsma (1874 hlm. 482). (kembali)