Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
126 dari 234
768–769 dari 1.487
7.674–7.683 dari 14.865
126.038 tutug wau sang aprabu | luwaran dènnya tinangkil | sampun kondur masanggrahan | sinêngkalan jênêngnèki | lawang kêkalih karêngya | ing janma ganti winarni |[1]|
126.039 dêdamêl Kartasurèku | nèng Dêmak sampun alami | kang awasta Wirawăngsa | Arya Mandurarêjèki | katiga Ki Wirasastra | myang kang baris Lèpèntangi ||
126.040 Ki Mangkuyuda Tumênggung | lan Natayuda prajurit | kang dadya tindhihing lampah | Pangeran Balitar nênggih | kang baris anèng Têtêgal | wontên kidul Têgalwangi ||
126.041 Banyakwidhe kang tinuduh | lan Pangeran Surabanggi | kang abaris ing têngahan | kang sami mêpêti margi | Ki Tumênggung Jayaningrat | kinasihan ing narpati ||
126.042 prasamya parênga lampus | lawan kangjêng sri bupati | apan sampun binêktanan | dunya saking ing jro puri | rongpratigan kang binêkta | kinèn karya anggêgajih ||
126.043 sagung kang prajurit agung | wong Ambon Makasar Bugis | Cina atanapi Jawa | ing Wungaran dènnya baris | sampun abêbiting samya | lawan malih wong Matawis ||
126.044 dènnya baris Pudhakpayung | wus katur ing sri bupati | yèn ingkang abdi sadaya [17: 15] | wus ayun-ayunan jurit | ya ta Ki Wiranagara | ing Têtêgal pamit aglis ||
126.045 lan Ki Rêksanagarèku | wus linilan de sang aji | saksana bubar tumulya | mungsuh kang arsa ginitik | kang anèng nagri Têtêgal | sampun binêktan Walandi ||
126.046 kumpêni têtindhihipun | Lutnan Jaisman namèki | Panêmbahan ing Madura | wus amatah kang prajurit | kinèn ngêlara jajahan | kang dhatêng Dêmak nagari ||
126.047 Jangpati lawan Jangkewuh | sèwu wong Sampang dèn irid | kang măngka têtindhihira | Dyan Suradiningrat nênggih | lan kang rama radèn dêmang | lan wadya ing Surawèsthi ||
768–769 dari 1.487

 


Tanggal: lawang kêkalih karêngya ing janma (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali)