Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127–128 dari 234
774–775 dari 1.487
7.735–7.744 dari 14.865
127.042 pan ing Batang sarêng dènnya linêbonan | kutha kapanggih sêpi | wau kawarnaa | wong Sampang Surabaya | anèng Kêndhal Lèpèntangi | ngêlar jajahan | nungkul wong kanan keri ||
127.043 sampun mundur Kumpêni marang Samarang | prasamya tinggal mantri | kang ngêlar jajahan | miwah kang anèng Dêmak | prasamya ningali mantri | Kênol wus bubar | ing laut dèn wêdali ||
127.044 ênêngêna wau kang lagya lumampah | gantya ingkang winarni | praptèng Kartasura | nênggih kang winursita | langkung wagugên tyas aji | dènnya miyarsa | sagung wadyèng pasisir ||
127.045 pan ing mangke samya nungkul ing Samarang | kabubuh kyai patih | mangkyatur uninga | kalamun wontên kraman | saking Gunungkidul nênggih | ran Wirawăngsa | nèng Wanglu dènnya baris ||
127.046 pan samana apan sampun linurugan | datan kawarnèng margi | praptèng Wanglu sigra | nulya campuh ing yuda | rame rok asilih ukih[1] | datan antara | wadyèng karaman ngisis ||
127.047 Wirawăngsa murdanya sampun kairas | binêkta mundur aglis | praptèng Kartasura | katur mring naradipa | langkung suka sri bupati | sigra kang murda | kinèn manjêr kang wijil [17: 23] ||
128. Mijil
102. Ingkang Sinuhun Pakubuwana andhatêngakên kasukan kalihan para wadya
128.001 nahan narendra Kartasurèki | gantya winiraos | kangjêng sinuhun ingkang wus mangrèh | ingkang mandhirèng nagri Samawis | kang sampun siniwi | ing bala gung-agung ||
128.002 wadyèng pasisir kabèh wêdyasih | abêkti mring katong | myang wadyèng Kartasura wus akèh | ingkang samya nusul mring Samawis | sumiwèng narpati | samya atur-atur ||
128.003 dina Soma kasukan sang aji | wus pêpêk punang wong | munggèng pasanggrahan punggawandhèr | saha garwa kang para dipati | tuwin para mantri | atap munggwing ngayun ||
128.004 para putra sadaya anangkil | ngarsèng rama katong | kang mrêdăngga angrangin swarane | Panêmbahan Madura sumiwi | lan sagung bupati | nèng ngarsa supênuh ||
774–775 dari 1.487

 


ungkih. (kembali)