Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
770–771 dari 1.487
7.698–7.707 dari 14.865
127.005 kang nadhahi mêngsah Sampang Surabaya | wadyèng Kartasurèki | wus samya samakta | warnanên wong Walănda | numpak ing dharatan sami | lajêng umangsah | tumamèng ing kuthaglis ||
127.006 wadyèng Dêmak sampun anêmbang têngara | Walănda sampun prapti | baris lêlumbungan | tambur munya brang-brangan | alpèrès kang anindhihi | sareyanira | kang ngapit kanan kering ||
127.007 kopralira ngiyun munggèng ngarsa wuntat | Kapitan Kênol wuri | ya ta wadyèng Dêmak | anêmpuh mamuk rampak | wong Kumpêni ngêdrèl aglis | rame ing yuda | pêtêng kukusing bêdhil ||
127.008 anglir singakarti wadyabala Dêmak | ingêdrèl wanti-wanti | wau wadyèng Sampang | lawan wong Surabaya | pan wus yun-ayunan jurit | sarêng umangsah | dhadha myang kanan keri ||
127.009 ramening prang wong Surabaya umangsah | Panji kang anindhihi | prajurit Madura | rampak dènira yuda | lir buta sèwu mrih daging | kagila-gila | kaduk sura mangungkih ||
127.010 sira Panji Lamongan angirid bala | tri atus wong sinêlir | mamuk ngadilaga | wong Kartasura tadhah | wong Surabaya mangungkih | wadyèng Madura | sumahab ambêg [17: 18: a...mbêg] pati ||
127.011 binarondong ing bêdhil myang sinawuran | busur pasêr myang lêmbing | kukusing sundawa | limêng lir ampak-ampak | pan kadya sinewèng sari | wadya Madura | sangsaya berag jurit ||
127.012 tan awingwrin miyat lungiding warastra | myang wadya Surawèsthi | lir banthèng katawan | wong Sampang Surabaya | pangamuke anglir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning baris ||
127.013 ngiwad-ngiwud wadyèng Sampang Surabaya | Kya Panji angawaki | myang wong pêpilihan | dhadhal wong Kartasura | rêmpu datan kêna pulih | akathah pêjah | tiyang Dêmak angisis ||
127.014 wus angumpul marang bala Kartasura | mogok anèng Tambiring | ingêlud saksana | mawur kawula Dêmak | kuthane wus dèn lêboni | wadya Walănda | nèng jro wismèng dipati ||
770–771 dari 1.487