Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
771–772 dari 1.487
7.705–7.714 dari 14.865
127.012 tan awingwrin miyat lungiding warastra | myang wadya Surawèsthi | lir banthèng katawan | wong Sampang Surabaya | pangamuke anglir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning baris ||
127.013 ngiwad-ngiwud wadyèng Sampang Surabaya | Kya Panji angawaki | myang wong pêpilihan | dhadhal wong Kartasura | rêmpu datan kêna pulih | akathah pêjah | tiyang Dêmak angisis ||
127.014 wus angumpul marang bala Kartasura | mogok anèng Tambiring | ingêlud saksana | mawur kawula Dêmak | kuthane wus dèn lêboni | wadya Walănda | nèng jro wismèng dipati ||
127.015 kang bêbujung marang bala Kartasura | wong Sampang Surawèsthi | nèng Tambiring aprang | wong Kartasura bubar | tan ana ingkang ngudhili | gêmpang suh sirna | rusak tan măngga pulih ||
127.016 wangsul maring kitha wadya ing Madura | miwah wong Surawèsthi | wadyèng Kartasura | tuwin kawulèng Dêmak | sakarinè kang ngêmasi | angumpul samya | ing Têmur dènnya baris ||
127.017 sinêngkalan bêdhahe nagarèng Dêmak | kacarita ing nguni | apan tunggil warsa | lan duk madêge nata | susunan anèng Samawis | dyan kawuwusa | wong Sampang Surawèsthi ||
127.018 pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu kawarni | Pangran [17: 19: Pa...ngran] Răngga seba | nungkul marang Samarang | tinarima ing narpati | ing Ngadilangwa | duk samana pinalih ||
127.019 Panêmbahan Wijil lan Pangeran Răngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||
127.020 sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | sigra samêktèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||
127.021 ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang pangawat keri | sira Natayuda | ing kanan Mangkuyuda | sigra têngara tumuli | wadyèng Madura | sampun atata baris ||
771–772 dari 1.487