Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
127 dari 234
772 dari 1.487
7.711–7.720 dari 14.865
127.018 pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu kawarni | Pangran [17: 19: Pa...ngran] Răngga seba | nungkul marang Samarang | tinarima ing narpati | ing Ngadilangwa | duk samana pinalih ||
127.019 Panêmbahan Wijil lan Pangeran Răngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||
127.020 sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | sigra samêktèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||
127.021 ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang pangawat keri | sira Natayuda | ing kanan Mangkuyuda | sigra têngara tumuli | wadyèng Madura | sampun atata baris ||
127.022 wong Kumpêni ingkang baris munggèng dhadha | munggwing pangawat keri | wadya ing Madura | têngên wong Surabaya | pan gumrudug tambur muni | wong Surabaya | galaganjur munyatri ||
127.023 ting jalêgur carabali ing Madura | sigra têmpuh kang jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angadhangkrang dèn payungi | madyèng palagan | rowang mungsuh barêngi ||
127.024 wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | apanggih padha wani | ramening kang yuda | bêrêg-binêrêg samya | wong kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walănda | gumrudug ambêdhili ||
127.025 akèh mati wong Kêdhu mêksa apanggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg ing ajurit | sawadyanira | wong Kêdhu Surèngpati ||
127.026 dyan gumulung wadyèng Sampang Surabaya [17: 20: Sura...baya] | pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid bala | wong Madura nêmpuh wani | pan Radèn Răngga | kang nrêgakên ing wuri ||
127.027 Arya Jayapuspita angirid bala | mamuk wong Surawèsthi | ramya têmpuhing prang | bêdhil lir gêlap sasra | pêtêng kukus anglimputi | lir ampak-ampak | carub wor kang ajurit ||
772 dari 1.487